Yakitori
Yakitori[1] (basa Jepang: やきとり) iku sate khas saka Jepang kang migunakake daging pitik. Potongan daging, kulit, ati, jantung, lan rempela kang dikethik cilik-cilik saukuran saemploka pisan, disunduki nganggo sunduk pring, banjur dibakar ing sadhuwuring mawa areng utawa gas.[2]
Sasunduke Yakitori umume mung sajinis bageyan pitik, kayadene sasunduke Yakitori kang isine 3 nganti tekan 5 potongan daging pitik ora tau dicampur karo potongan ati utawa jantung. Minangka variasi, uga ana Yakitoriya kang nyampurake onclang kang dikethok rada gedhe lan jamur shiitake sajroning sundukan Yakitori. Uga ana Yakitori kang arupa manuk Gereja (Passer montanus) utawa manuk liyane kang isih wutuh tanpa dikethok-kethok.
Restoran kang mung dodol Yakitori iku diarani Yakitoriya (Tukang Yakitori). Izakaya (bar/restoran khas Jepang) uga akeh kang ngadol Yakitori.
Ana Yakitori kang ora dibumboni lan ora diwenehi saus nanging mung didhahar kanthi ditawuri uyah, nanging padatan Yakitori kang wis dibakar dicelupake sajroning saus (basa Jepang: tare) kang digawe saka kecap asin, mirin, arak, lan gula mula Yakitori rasane dadi legi semu asin.[3] Saus biyasane dicakake ing sundukan daging kang ditusuk lan dibakar nganti mateng tenanan.
- hatsu (ハツ) utawa kokoro (こころ), jantung pitik
- rebā (レバー), ati
- sunagimo (砂肝), utawa zuri (ずり) rempela pitik
- tsukune (つくね), bakso daging pitik
- (tori)kawa ((とり)かわ) kulit pitik, dibakar nganti dadi kemrenyes
- tebasaki (手羽先), suwiwi pitik
- bonjiri (ぼんじり), brutu
- shiro (シロ), usus pitik
- nankotsu (なんこつ), balung nom pitik
- toriniku, sakabehing daging putih ing sundukan
[sunting] Serba-serbi
- Ing kutha Hakodate lan Muroran, Prefektur Hokkaido, kang diarani Yakitori iku dudu sate kang digawe saka daging pitik, nanging saka daging babi. Ing kutha Muroran, Yakitori jinis Negima ora nganggo onclang, nanging bawang bombay, lan didhahar bebarengan karo mustard.
- Ing kutha Bibai, tengahing Prefektur Hokkaido, Yakitori migunakake daging pitik nanging ora diclupake menyang saus lan mung dibumboni karo uyah. Sasunduke Yakitori iku uga bisa cinampurane daging pitik, kulit, lan balung nom kang diarani Motsu.
- Kutha Imabari ing Prefektur Ehime, iku kutha kang cacahe tukang Yakitori nomer loro paling akeh ing Jepang. Yakitori ing kutha Imabari ora dibakar sadhuwuring areng utawa gas, nanging ing sadhuwuring hot plate (Teppan).
[sunting] Cathetan Sikil
- ↑ (en)japan-guide.com Yakitori
- ↑ (en)japanesefood.about.com Yakitori Negima
- ↑ (en)bento.com Yakitori (grilled chicken)