Sukiyaki
Sukiyaki (すき焼き, スキヤキ?) yaiku irisan tipis daging sapi, janganan, lan tahu ing sajroning panci wesi kang dimasak ing ndhuwur meja mangan kanthi cara digodhog. Sukiyaki dipangan kanthi nyelupake irisan daging ing kopyokan endhog pitik.
Janganan kanggo sukiyaki tuladhane bawang bombay, unclang, sawi putih, shungiku (jeneng godhong saka wit kulawarga seruni), jamur shiitake, lan jamur enoki. Kanggo njangkepi, ditambahake ito konnyaku utawa shirataki kang wujde kaya soun, wernane bening utawa rada klawu.
Jinising Sukiyaki [sunting]
Ana rong jinis sukiyaki, yaiku Sukiyaki saka tlatah Kansai lan Sukiyaki saka Kanto kang seje anggone nyuguhake, jinising bumbu lan rasane.
Miturut sukiyaki saka Kansai, sukiyaki mung dimasak nganggo bumbu kecap asin lan gula pasir, dene sukiyaki saka kanto dimasak nganggo saos warishita (campuran dashi, kecap asin, gula pasir, lan mirin kang dimasak luwih dhisik).
Sukiyaki Kansai, rajangan gajih sapi dijeri ing panci sadurunge ngalebokake rajangan daging sapi. Bumbune yaiku gula pasir lan kecap asin ditambahake ing daging kang wis mateng banjur diudheg karo janganan nganti mateng. Miturut cara Kanto, bumbu warishita dimasak nganthi umub dhisik ing panci, banjur bahan-bahan liyane dimasak.