Sistem kekebalan
Sistem kekebalan utawa sistem imun iku sistem pangreksan pangaruh njaba biologis sing dilakoaké déning sél lan organ khusus ing sawijining organisme. Yèn sistem kekebalan kerja kanthi bener, sistem iki bakal ngreksa awak saka infèksi bakteri lan virus, sarta ngancuraké sél kanker lan dat asing liya ing njero awak. Yèn sistem kekebalan saya lemah, kemampuané ngreksa awak uga saya kurang, saéngga njalari patogèn, kalebu virus sing njalari mriang lan flu, bisa berkembang ing awak. Sistem kekebalan uga mènèhi pangawasan tumrap sél tumor, lan terhambatnya sistem iki uga wis dilapurké ningkataké résiko kena sapérangan jenis kanker.
| Sistem organ menungsa - sunting |
|---|
|
Sistem kardiovaskular | Sistem pandulu | Sistem pancernan | Sistem endokrin | Sistem kekebalan | Sistem indriya | Sistem integumen | Sistem limfatik | Sistem otot | Sistem saraf | Sistem réproduksi | Sistem ambegan | Sistem rangka | Sistem urin |