Sistem indriya
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sistem indriya kéwan iku nggordhinasi alat indriya kanggo ngenal donya ing njaba. Indriya njaba sing arupa pandelengan, pangrungu, pangraba, pangecap, lan pangambu dipigunaaké kanggo njupuk utawa antuk informasi saka njaba. Sauntara indriya njero nduwèni tugas nekakaké informasi saka njero awak, upamané rasa pegel, ngelih, ngelak utawa lara.
Kabèh informasi sing dipikantuk dianalisa ing utek supaya ngasilaké respon utawa tanggepan. Organ indriya dilengkapi sel reseptor kanggo nanggapi rangsang fisik utawa kimia. Sajinis reseptor mung bisa nanggepi sajinis rangsang. Rangsang diowahi dadi impuls saraf sing ngubungaké organ indriya karo utek.[1]
Indriya njaba [sunting]
Lima indriya njaba utawa indriya eksternal yaiku:
| Indriya | Organ | Sel-sel sensitif | Rangsang |
| Pandelengan | mata | cone lan rod | cahya |
| Pangrungu | kuping | organ korti | glombang swara |
| Pangecap | ilat | puting pangecap | kontak kimia |
| Pangambu | irung | sel-sel alfactory (pangambu) | komtak kimia |
| Pangraba | kulit | korpuskel taktil | kontak fisik |
Réferènsi [sunting]
- ^ PT Elex Media Komputindo: Panca Indra (1996), terjemahan buku mawa basa Spanyol asesirah Com Functionen Els Nostres Sentits.