Sékring
Ing komponen elektronika lan mesin listrik, Sékring (saking basa Walanda zekering, Basa Prancis, basa Italia fusée lan fuso, "spindle") inggih menika piranti ingkang dipun-ginakaken minangka pengaman ing rangkean listrik menawi wonten muatan listrik ingkang langkung kathah utawi wonten arus pendhek.[1] Cara kerjanipun inggih menika menawi wonten muatan listrik ingkang kekathahen utawi wonten hubungan arus pendhek, mangka otomatis sekering kasebat badha medhot aliran listrik saengga boten damel risakipun komponen ingkang sanes.[1]
Sekring dipunpatenaken dening Thomas Alva Edison ing taun 1890. [2]
Sekring nggadhahi mangfaat nyegah arus ingkang kagengen nalika wonten korsleting.[3] Korsleting saged kadaden nalika wonten kabel ingkang nglothok, lajeng kabel menika nempel kaliyan kabel sanesipun.[3] Amargi kabel ingkang nempel menika nyebabaken kathah arus listrik ingkang nglewati kabel ingkang nglothok.[3] Kabel ingkang nglothok nggadhahi hambatan ingkang alit sanget tinimbang kaliyan hambatan lampu saengga langkung gampil dipunlewati arus listrik.[3] Arus listrik ingkang ageng saged damel kabel gampil kebakar.[3] Piranti listrik kados radhio, televisi, lan lampu kedah dipunjagi saking karisakan amargi korsleting.[3] Caranipun inggih menika kanthi masang sekring ing sangajengipun piranti kalawau.[3] Sekring bandhe nyegah arus listrik supados boten mlebet dhateng komponen listrik sanesipun saengga boten wonten kebakaran.[3] Kawat sekring dipundamel saking kawat alit, cekak, lan gampil ngleleh. Contonipun, timah pethak lan perak.[3] Kawat alit menika dipunlebetaken dhateng tabung keramik ingkang isinipun pasir. Nalika arus nglewati nilai ingkang dipuntemtokaken, kawat langsung ngleleh saengga rangkean listrik pedhot.[3]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.