Lampu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Lampu

Lampu yaiku barang kang bisa ngasilaké sinar kanthi sumber ènèrgi listrik. Lampu uga bisa nduwèni teges dop utawa bola lampu, lampu néon. Saliyané lampu neon, uga ana lampu kang sumber énerginé saka lenga, lan liya-liyané. Kang nggawé lampu kang sepisanan yaiku Thomas Alfa Edison.[1]

Bab lan Paragraf

Jinis [sunting]

Incandescent Lamp [sunting]

Lampu jinis iki uga diarani lampu pijar.[2] Lampu iki umuré paling tuwa karana ditemokaké dhisik tinimbang lampu jinis liyané.[2] Nganti saiki lampu jinis iki isih akéh dienggo.[2] Lampu pijar cahyané rupané kuning. [2]Cahya iki asalé saka pembakaran filamen ing sanjeroné bola lampu kaca.[2] Lampu pijar bisa awét nganti 1.250 jam.[2] Lampu iki nduwéni umur pijar kang paling sithik tinimbang lampu-lampu liyane.[2] lampu pijar uga nggunakaké energi listrik paling akéh.[2] Mulané lampu iki kagolongaké lampu kang boros énérgi.[2]

Fluorescent Lamp [sunting]

Lampu iki uga diarani Lampu Neon utawa kerep diarani lampu TL.[2] Cahyané rupané putih.[2] Lampu neon nduwéni cahya kang luwih padhang tinimbang lampu liyané.[2] Lampu neon kalebu lampu kang irit énérgi listrik lan awét.[2] Lampu neon bisa awét nganti 10.000 jam.[2] Ananging lampu neon ora cocok yèn dadi lampu aksén utawa spotkight, cahya kang putih ora bisa mantulaké werna asli objek kang dipadhangi.[2]

Chatetan suku [sunting]

  1. ^ (en)inventors.about.com(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o (id)nasional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lampu&oldid=830283"