Rèk
Rèk utawa erèk (Basa Indonésia: korek), yaiku piranti kanggo ngasilakè geni kang bisa dikendalikake.[1] Rèk didol ing toko-toko kanthi wadhah kothak-kothak cilik kang isiné rèk.[1] Korek geni (ing sawetara panggonan diarani rèk jrès), kasusun saka kayu kang dadi gagangé lan salah siji pucuké ditutup karo bahan yaiku fosfor.[1] Fosfor iki bakal ngasilaké geni awit kena gésékan karo bagéyan kang digawé khusus ing rèk, bagéyan iki manggon ing sisih kiwa tengené kerdhus rèk. [1]Sanajan ana uga bagéyan rèk kang kena uga diuripké nganggo parmukaan kasar.[1] Rèk kang nggunakakè cuwèran kayata naphtha utawa butana diarani korek api gas.[1] Bangsa Tiongkok wiwit taun 577 wis nggawe rèk sederhana kang digawé saka kayu kang ngandhut belerang.[1] Rèk modern kang sepisanan ditemokake taun 1805.[1] Déné kang nemokaké yaiku K. Chancel, asisten Profesor L. J. Thénard ing Paris.[1] Endhas rèk digawe saka campuran potasium klorat, belerang, gula lan karet.[1] Rèk iki diuripké kanthi cara nyelupaké ing jero botol asbes kang isiné asam sulfat.[1] Rèk iki kagolong barang kang larang regané nalika iku.[1]
Sajarah [sunting]
Rèk kang diuripké kanthi digesek, ditemokaké déning kimiawan Inggris John Walker nalika taun 1827.[2] Penemuan iki ditemokaké Robert Boyle taun 1680-an kanthi campuran fosfor lan belerang, ananging usaha wektu iku durung misuwur.[2] Walker nemokaké campuran antimon (III) sulfida, potasium klorat, natural gum, lan pati.[2] Campuran iki bisa diuripké kanthi cara nggesékaké ing bagéyan kang kasar.[2]