Rèk gas
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rek gas merk Zippo, 1968
Rèk gas yaiku jinising piranti cilik kanggo ngasilake geni, nganggo bahan bakar lenga utawa gas. Kanggo ngasilake pletikan geni umume migunakake batu rèk kang digesrekake marang barang liya kang kasab, lan ing jaman saiki uga ana kang migunakake piranti elektrik kanggo ngasilake pletikan geni. Gedhene geni umume bisa diatur sahengga ora mbebayani.