Prenjak
| Perenjak | |
|---|---|
| Orthotomus sutorius | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| Suku | |
Prenjak utawa ciblek yaiku arane sagolongan manuk cilik kang lincah lan akeh ocehe. Biyen, kewan iki kagolong ing sijining suku (familia) yaiku Sylviidae, nanging banjur kapecah dadi Sylviidae dan Cisticolidae.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Ciri-ciri
Manuk iki nduweni ukuran cilik, kuru aking lan buntut dawa. Dawane saka cucuk tekan buntut watara 10-15 cm, senajan ana akng luwih saka 25 cm. Akeh-akehe nduweni wulu semu kuning, ijo zaitun, semu soklat ing geger, lan wetenge semu putih utawa semu kuning.
Manuk iki nduweni suwara ocehan kang sero lan bening kepara uga dumadakan lan rame. Pira-pira jinis ngoceh sero nalika nembe teka kanggo tetenger tekane, sinambi mencok ing pathok, rencek, togor listrik lan liyane.
[sunting] Pakulinan
Prenjak nyenengi papar kang tenggar, kayadene sawah, tegalan, kebon, pomahan, rawa lan pinggiran alas. Pakane rupa uler, walang, kinjeng lan srangga cilik liyane kang ndhelik ing wit-witan. Umume prenjak sesaba kanthi pasangan utawa karo anake kang urung diwasa.
Umume prenjak gawe susuh ing tetanduran cendhek, grumbul uataw alang-alang. Kadhangkala susuhe dititpi endhog denik manuk wikwik kelabu (Cacomantis merulinus) lan kang sakjenis kang nduweni sifat parasit.
[sunting] Jinis-jinise
Suku Cisticolidae
- Prenjak jawa (Prinia familiaris)
- Cici padi (Cisticola juncidis)
Suku Sylviidae
- Cinenen pisang (Orthotomus sutorius)
- Cinenen kelabu (O. ruficeps)
- Cica kored (Megalurus palustris)
[sunting] Bahan bacaan
- MacKinnon, J. 1993. Panduan lapangan pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada University Press. Jogyakarta. ISBN 979-420-150-2
- MacKinnon, J., K. Phillipps, and B. van Balen. 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. LIPI dan BirdLife IP. Bogor. ISBN 979-579-013-7