Alang-alang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alang-alang
Alang-alang, suket gedhé khasiat.
Bubulak, Bogor.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Poales
Famili: Poaceae
Génus: Imperata
Spésies: I. cylindrica
Jeneng binomial
Imperata cylindrica
(L.) Beauv.

Alang-alang iku tuwuhan suket-suketan kang urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong.[1] Sanajan uripé ing ara-ara nanging alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara.,[2] Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan tinemu ing alang-alang.[3] Zat-zat mau ya iku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané.[3] Kang kena dianggo obat ya iku godhong lan oyoté alang-alang.[3] Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis digaringaké.[3] Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn alang-alang uga duwé èfèk farmakologis, têgêsé tuwuhan iki nduwé sipat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi panas,hemostatik kang bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic ya iku sipat peluruh kemih supaya lumebu ing meridian paru-paru, lambung lan usus cilik.[3] Suket kang bisa urip nganti taunan iki duwé godhong kang pucuké lincip dawa lan ana luguté.[4] Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep kaya eri.[4] Tuwuhan alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan duwé kembang.[4] Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu.[4] Dhuwuré kira-kira 0,2-1,5 m.[4] Godhong alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging pucuké lincip.[4] Dawa godhongé kurang luwih 12-80 cm, pinggiré kasar lan landhep.[4] Kembangé mirib kembang tebu nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm.[4] Kembang alang-alang ana wuluné kang bisa mabur nalika wis garing.[4]

Trivia[besut | besut sumber]

Salah sijiné cara kanggo maténi alang-alang ya iku kanthi nandur jinis wit kang ulet, rikat thukul lan jarake rapet lan nggrombol.[5] Salah sijiné cara kang direkoméndasékaké ya iku kanthi cara gamal (Gliricidia spp.).[5] Ana uga kang ngarani yèn jeneng gamal iku duwé singkatan saka ganyang mati alang-alang.[5]

Jinis kang duwé kerabat[besut | besut sumber]

Marga Imperata duwé anggota kurang luwih 8 utawa 9 spésies.[5] Saliyané Imperata cylindrica, ana uga jinis liyané kaya ta:[5]

Ekologi[besut | besut sumber]

Alang-alang bisa thukul lan ngrembaka kanthi rikat.[6] Wiji-wiji alang-alang kang sumebar kagawa angin utawa rimpangé kang rikat nembus lemah kang gembur dadi piranti kanggo kembang biak.[6] Jinis suket iki, seneng urip ing panggonan kanthi lemah kang subur lan akèh éntuk cahya srengéngé.[6] Alang-alang uga bisa urip ing panggonan kang rada adhem lan duwé lemah kang lembab apadene garing.[6] Nanging alang-alang ora bisa thukul ing panggonan kang becek.[6]Gulma iki kanthi rikat bisa thukul ing lahan bekas alas kang rusak, bekas ladhang, sawah kang garing.[6] Saliyané iku, Alang-alang uga bisa urip ing pinggir-pinggir dalan.[6] Ing panggonan kang kaya ngono alang-alang bisa urip dominan ngebaki panggonan kang amba.[6] Nganti tekan taraf tinamtu kebakaran vegetasi uga kena ngrangsang thukulé alang-alang.[6] Pucuk-pucuk ilalang kang thukul sawisé kebakaran disenengi kéwan-kéwan kang mangan suket, saéngga panggonan kang kaya ngéné lumrahé dadi panggonan kanggo mbeburu.[6] Alang-alang urip nyebar kanthi alami wiwit saka India nganti tekan Asia timur, Asia Tenggara, Mikronesia lan Australia.[6] Nganti saiki, alang-alang uga tinemu ing Asia utara, Éropah, Afrika, Amérika lan ing kepulauan-kepulauan liyané.[6] Nanging amarga sifaté kang invasif iku, alang-alang kerep dianggep gulma kang nggangu.[6]

Mandi lan Mujarab[besut | besut sumber]

Alang-alang, ijo semu wungu

Alang-alang kalebu tuwuhan obat.[3] Godhong lan oyot alang-alang bisa kanggo tamba lelara hépatitis.[3] Kejaba iku alang-alang uga bisa kanggo obat lelara batu ginjel, infèksi ginjel, lan kencing batu.[7] Alang-alang uga bisa kanggo gawé alus kulit, nggampangaké nguyuh, kanggo obat darah kotor, nambah nepsu mangan, mampetké getih yèn lagi tatu, obat lelara kelamin kaya ta nguyuh nanah, nguyuh getih, lan raja singa, lelara ginjêl, tatu, awak panas, hipertènsi, pênyakit sarap lan stroke.[8] Pênyakit iku kabèh bisa ditambani nganggo oyot utawa rimpang alang-alang[8] Wit alang-alang uga bisa kanggo pakan kéwan,bahan kanggo gawé kertas, lan obat lelara kulit kaya kurap, lan kadas.[8] Ing jaman ''modern'', alang-alang uga digawé tablèt siyap minum.[9]

Dasa Nama[besut | besut sumber]

Alang-alang nduwé dasa nama kaya ta Naleueng lakoe (Acèh) ; Jih (Gayo); Rih, Ri (Batak) ; Oo (Nias); Alalang, Hilalang, Ilalang (Minang kabau); Lioh (Lampung); Halalang, Tingen, Padang, Tingan, Puang, Buhang, Bêlalang, Bolalang (Dayak); Eurih (Sunda); Alang-alang kambêngan (Jawa); Kebut, Lalang (Madura); Ambengan, Lalang (Bali); Kii, Rii (FIores); Padengo, Padanga (Gorontalo); Deya (Bugis); Erer, Muis, Wen (Seram); Weli, Welia, Wed (Ambon). NAMA ASING: Cogon grass, satintail (En). Paillotte (Fr).Malaysia: lalang, alang-alang. Papua New Guinea: kunai (Pidgin), kurukuru (Barakau, Central Province). Philippines: kogon (Tagalog), gogon (Bikol), bulum (Ifugao). Burma (Myanmar): kyet-mei. Cambodia: sbö':w. Laos: hnha:z kh'a:. Thailand: ya-kha, laa laeng, koe hee (Karen, Mae Hong Son). Vietnam: c [or] tranh. Jeneng Simplista Imperatae Rhizoma; rimpang alang-alang.[8] Jeneng liyané:[8]

Pemerian botanis[besut | besut sumber]

Alang-alang kalebu tuwuhan suket taunan kang duwé sisik.[4] Alang-alang urip kanthi oyot lan wit nemplek ing lemah. Pucuk wit kang metu saka lemah béntuké lincip lan mirib kaya eri.[4] Alang-alang nduwé wit kang cendhek, thukul mendhuwur lan duwé kembang.[4] Alang-alang ana kang rupané abang rada wungu lan ana uga kang nduwé kaya bundhelan rambut ing ngisor rosé.[4] Alang-alang lumrahé duwé dhuwur 0,21,5 m, nanging ing panggonan-panggonan kang tinamtu, alang-alang uga bisa luwih dhuwur saka ukuran iku.[4] Alang-alang nduwé godhong kang béntuke garis kaya pita, godhong kang wujud garis lanset iki nduwuré lincip lan ing bonggol godhongé rada ciut mbéntuk kaya talang.[4] Godhong alang-alang dawané kurang luwih 12-80 cm, pinggire kasar lan landhep.[4] Saliyané iku ing bonggol godhong uga ana rambut kang lumrahé diarani lugut.[4]Tulang daun tuwuhan alang-alang ukurané rada amba lan wernané pucet ing pérangan tengahé.[4] Alang-alang nduwé kembang kanthi karangan kembang malai kang dawane 6-28 cm. Kembang alang-alang nduwé anak bulir kang wulune dawa lan wernane putih.[4] Bulir iki gunané kanggo mabur nalika woh wiji alang-alang wis mateng.[4]

Kena ing Guna[besut | besut sumber]

Alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara.[3] Alang-alang nduwé zat-zat kimiawi kang diprelokaké manungsa.[3] Alang-alang kanggo obat radang ginjel.[3]

  1. oyot alang-alang kang cacahé 60-120 gram dikumbah nganti resik, banjur dikethok-kethok.[3]
  2. banjur digodhog karo telung gelas banyu putih.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang banjur diombé.[3]

Alang-alang kanggo obat mutah getih.[3]

  1. kumbah oyot alang-alang kurang luwih 30-60 gram.[3]
  2. kêthok-kêthok lan godhog karo telung gelas banyu.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang bisa diombé sawisé adhem.[3]

Alang-alang kanggo obat lelara nguyuh nanah.[3]

  1. kurang luwih 300 gram oyot alang-alang dikumbah nganti resik.[3]
  2. dikethok-kethok lan digodhog ing banyu 2.000 cc.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari 1.200 cc.[3]
  4. cêmplungna gula batu ing godhogan alang-alang.[3]
  5. sari alang-alang bisa diombé kaya teh sêdina ping telu nganti jangkep sepuluh dina.[3]

Alang-alang kanggo obat lelara mimisen.[3]

  1. oyot alang-alang kang isih seger dikumbah banjur diajuraké lan diperes banyuné nganti 100 cc.[3]
  2. banyu pêrêsan langsung bisa diombé[3]

Sirup Alang-alang[besut | besut sumber]

Sirup Alang-alang

Alang-alang kalebu tuwuhan kang bisa kanggo obat.[3] Mula iku alang-alang diolah dadi sirup.[10] Sirup alang-alang saliyané bisa dadi obat kang nyéhatakè, uga duwé rasa kang énak.[10] Sirup alang-alang uga bisa didol lan ngasilaké dhuwit.[10] Bahan kanggo nggawé sirup alang-alang ya iku oyot alang-alang.[10] Carané oyot alang-alang digaréngaké lan digodhog karo banyu, banjur dicampur gula aren lan bumbu bumbon crakèn kaya ta jaé abang.[10] Sawisé iku alang-alang digodhog nganti rada kenthel, banjur sirup alang-alang diadhemké.[10] Kanggo nggawé sirup alang-alang cukup dicampur karo banyu supaya ora kekenthelen.[10] Yèn arep didol jladrenan sirup alang-alang banjur diwadhahi gendul.[10]

Jamu ora kudu pait[besut | besut sumber]

Jamu lumrahé rasané pait[5] Béda karo alang-alang, sirup jamu saka alang-alang bisa digawé warna-warna rasané gumantung sing nggawé, saéngga jamu kang wujud sirup iki rasané seger lan énak, ora pait.[11] Nanging sanajan énak rasané jamu iki têtêp nyéhataké awak kaya jamu-jamu tradhisional liyané.[3] Sirup alang-alang, bisa digawé variasi rasané kaya sirup liya-liyané. Umpamané rasa strobéry, jeruk, pala, jahe, kawis, lan liya-liyané.[11]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. fl-dof.com Archived 2011-09-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  2. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv Archived 2010-07-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad id.shvoong.com[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t [Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 121]
  5. a b c d e f student-research.umm.ac.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)
  6. a b c d e f g h i j k l m [Heyne, K. 1987.Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 1.Jakarta:Yay. Sarana Wana Jaya. Hal. 147-150]
  7. scribd.com Archived 2012-02-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  8. a b c d e iptek.net.id Archived 2011-08-30 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  9. newsobserver.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  10. a b c d e f g h liputan6.com(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  11. a b sirupsuramadu.umkm-online.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Imperata cylindrica

Gladri[besut | besut sumber]