Prahara Irene
| Prahara Kategori 3 (SSHS) | ||
|---|---|---|
|
Citra satelit Prahara Irene |
||
| Kawangun | 15 Agustus 2010 | |
| Ngilang | 29 Agustus 2010 | |
| Angin paling dhuwur |
|
|
| Tekanan paling asor | 942 mbar (hPa; 27.83 inHg) | |
| Tiwas | 54 | |
| Karusakan | $10.1 billion (2010 Dollar AS) | |
| Wilayah sing kapengaruh |
Antille Kecil, Puerto Rico, Republik Dominika, Haiti, Cuba, Kepulauan Turks dan Caicos, Bahama, Florida, South Carolina, North Carolina, Virginia, Maryland, Delaware, Pennsylvania, New Jersey, New York, Connecticut, Rhode Island, Quebec, Kanada Atlantik | |
| Bagéyan saka Musim Prahara Samudra Atlantik 2011 |
||
Prahara Irene inggih menika satunggalipun siklon tropis ageng ing Atlantik Lèr ingkang damel karisakan ingkang kathah ing Karibia.[1] Prahara Irene ing wewengkon Amérika sisih lèr sampun merjaya pati 44 tiyang.[2] Wekdal semanten ing kutha-kutha New England taksih mbudi daya ngadhepi banjir ageng, lan mayuta-yuta tiyang taksih gesang boten mawi aliran listrik.[2] Ananging ing Carnifonia Lèr ngantos Maine, tiyang-tiyang sampun sami semangat malih ngresiki papan panggénanipun piyambak-piyambak.[2] Wonten ing Kutha New York, sasampunipun kenging banjir ngantos ing sisih kiwa tengenipun gedhung inggil penyakar langit kados adhegan ing film, tiyang-tiyang ing mrika ugi sampun wiwit semangat anggénipun ngadhepi pagesangan malih.[2] Sanajan mekaten, kados ingkang dipunlapuraken déning Kantor Berita Associated Press nalika Selasa 30 Agustus 2011, ing negara bagian ing sisih lèr kados ing Vermont, Gubernuripun nglapuraken bilih prahara menika kalebet prahara paling awon sadangunipun satunggal abad kapengker.[2] Prahara Irene ugi sampun merjaya pati gangsal padunung ing Republik Dominika lan Haiti.[2] Presidhen Barack Obama ngendikaken, bilih betah wekdal supados saged mantun saking prahara menika.[2] Ing Carolina sisih lèr wonten sawetawis 1000 tiyang ingkang taksih manggén ing papan pangungsen.[2] Kanthi wekdal ingkang sesarengan, sawetawis gangsal yuta tiyang dèrèng saged ngraosaken mangfaat listrik amargi aliranipun risak.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.