Perang Korea
|
Prasajarah |
||||||
|
|
||||||
Perang Korea (basa Korea: 한국전쟁), saka 25 Juni 1950 nganti 27 Juli 1953, iku sawijining konflik antarané Korea Lor lan Korea Kidul. Perang iki uga disebut "perang sing dimandhataké" (basa Inggris proxy war) antarané Amérika Sarékat lan sekutu PBB-né lan komunis Républik Rakyat Cina lan Uni Sovyèt (uga anggota PBB). Negara utama sing mélu perang yaiku Korea Lor lan Korea Kidul. Sekutu utama Korea Kidul klebu Amérika Sarékat, Kanada, Australia, lan Britania Raya, senajan akèh negara liya ngirimaké tentara ing sangisoré gendéra PBB.
Sekutu Korea Lor, kayadéné Républik Rakyat Tiongkok, nyawisaké kekuwatan militèr, sauntara Uni Sovyèt sing nyawisaké penasihat perang lan pilot montor mabur, lan uga gegaman, kanggo wadyabala Tiongkok lan Korea Lor. Ing Amérika Sarékat konflik iki diistilahaké minangka aksi polisional ing sangisoré gendéra PBB tinimbang sawijining perang, amarga kanggo ngilangaké kaperlon kongres ngumumaké perang.
Pirsani uga [sunting]
Réferènsi [sunting]
- ^ On This Day 29 August 1950 from The BBC
- ^ The Korean War at Veterans Affairs Canada
- ^ [1] at Korean-War.com
- ^ French Participation in the Korean War Embassy of France, Retrieved October 31, 2006