Josef Stalin
Iosif (Josef) Vissarionovich Stalin (Basa Rusia: Иосиф Виссарионович Сталин, Iósif Vissariónovich Stálin), nami asli Ioseb Jughashvili (Basa Georgia: იოსებ ჯუღაშვილი, basa Rusia: Иосиф Джугашвили, Iósif Dzhugashvíli;) (21 Desember 1879 (tarikh Kalèndher Gregorian) – 5 Maret 1953) punika pamimpin Uni Sovyèt lan satunggiling diktator ingkang kejem sanget, dipuntepangi ugi kanthi sebutan Manungsa Waja. Panjenenganipun dipunkinten sampun mréntahaken mejahi tiyang watara 30 yuta jiwa pedunung Rusia lan nagari-nagari sakiwatengenipun. Panjenenganipun ugi dipuntepangi minangka tiyang ingkang sengit agama. Sadèrèngipun piyambakipun mlebet seminari ing Tbilisi, nanging lajeng dados boten pitados malih dhumateng Hyang sasampunipun maos buku Asal-usul Spesies karyanipun Charles Darwin.
Panjenenganipun tampil minangka pamimpin partai komunis ing nagari Uni Républik Sovyèt Sosialis. Saingan utami Stalin inggih punika Leon Trotsky, Leon kasil dipuntundhung medal saking Rusia tumuli dipunpejahi. Merak taun 1929 Stalin dados kepala negara. Panjenenganipun kejem sanget kaliyan saingan utawi sinten kémawon ingkang nglawan piyambakipun. Sedaya tiyang wau dipunukum pati minangka mengsah nagari Sovyèt utawi dipunlebetaken dhateng kamp-kamp pakunjaran. Salebeting Perang Donya II (1939-1945) Rusia perang kaliyan Inggris sarta Amérika Sarékat nglawan Jerman. Nanging sasampunipun perang Stalin " masang Tirai Wesi" antawisipun sekutu Kilèn lan Rusia lan sebagéyan ageng nagari ing Eropah Wétan dipundadosaken nagari Komunis. Stalin kuwaos dumugi akir gesangipun ing yuswa 73 taun. Ing wekdal pamaréntahan Stalin, panjenenganipun mboten namung ngawasi sedaya nagari Rusia, nanging ugi nagari-nagari ing sanjawining Rusia
[sunting] Daftar pustaka
- Elizabeth Mauchline Roberts . 1968. Man of Steel. Penerbit: Methuen
[sunting] Pranala njawi
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
| Pamimpin Uni Sovyèt lan Fèdherasi Rusia | |
|
Uni Sovyèt: Lenin - Trotski - Josef Stalin - Nikita Khrushchev - Leonid Brezhnev - Yuri Andropov - Konstantin Chernenko - Gorbachev |