Seminari
Seminari iku papan pendhidhikan kanggo calon rohaniwan Kristiani, klebu Kristen sing ndhidhik pendeta utawa Katulik sing ndhidhik romo. Seminari asalé saka tembung Seminarium saka basa Latin sing kawangun saka tembung dhasar semen, kang ateges winih. Mila, Seminari ateges papan pawinihan. Maksudé, winih panggilan rohani sing ana ing sawijining wong, diuripaké kanthi pendhidhikan ing Seminari. Ing Gréja Katulik ana tingkatan Seminari Menengah (satingkat SMA) lan Seminari Tinggi (satingkat perguruan tinggi). Seminari arupa sekolah-sekolah sing dianakaké déning pihak Kristen (Katulik, Ortodoks uga Protestan) sarta Yahudi kanggo ndhidik calon pamimpin agamané. Sekolah-sekolah iki sok-sok disebut uga sekolah teologi. Sekolah Alkitab menèhi pendhidhikan mèh sarupa, nanging orièntasi pendhidhikané biasané evangelikal utawa fundamentalis.
[sunting] Gelar akadhemik
Gelar akadhemik saka seminari-seminari Katulik Roma biasané diwènèhaké déning sawijining Univèrsitas Kepausan, sauntara ing kalangan seminari Protèstan ing Indonésia, kaya déné ing sekolah-sekolah umum liyané, pamènèhan gelar akadhemiké diatur déning Departemen Pendidikan Nasional.
[sunting] Pakaryan
Senadyan tujuan utama seminari yaiku nyiapaké lan nglengkapi mahasiswané kanggo pelayanan kaagamaan ing gréja utawa sinagoga, ana uga wong-wong sing sinau mung amarga péngin lewih nyinaoni kawruh kaagamaané utawa njerokaké kauripan spiritualé. Lulusan seminari ana uga sing makarya ing bidang-bidang liya ing sanjabaning pelayanan ing gréja utawa sinagoga, kayata upamané minangka pekerja sosial, guru, lan liya-liyané.
[sunting] Program pendhidhikan
Ngèlingi tujuan pendhidhikan sawijining seminari yaiku nyiapaké sawijining wong kanggo nglakoni pelayanan kaagamaan, mula program pendhidhikané biasané dipusataké ing patang bidang, yaiku: pembinaan kepribadian, pembinaan spiritual, pembinaan akadhemik, lan pembinaan pastoral.
Pembinaan kepribadian dimaksudaké kanggo nyiptakaké pribadi pelayan bidang kaagamaan sing mateng saka segi émosional, jasmani, lan rohani.
Pembinaan spiritual dilakoni kanthi mbiasakaké peserta dhidhik ngembangaké kauripan karohaniané kanthi manéka latihan spiritual (donga, retrèt, medhitasi, lsp.)
Pembinaan akadhemik diantuki kanthi panyerakan èlmiyah marang manéka segi èlmu téologi. Peserta dhidhik sinau ngenani perkembangan èlmu téologi saka abad-abad pisanan tekan jaman sing mutakhir. Murid-murid mau uga sinau manéka studi téologi sing berkembang ing manéka papan ing donya, klebu sajroning kontèks studiné dhéwé. Pembinaan akadhemik iki sing dadi fokus utama pendhidhikan ing seminari sing wis mesthi murid-murid utawa seminaris diwekeli mawa pendhidhikan filsafat minangka pelayan teologi. Pambinaan pastoral dimaksudaké kanggo nyiapaké peserta dhidhik kanthi kelantipan panggembalaan sing dibutuhaké déning sawijining rohaniwan/wati. Manéka seminari mbekeli mahasiswa-mahasiswiné mawa kelantipan sajroning mahami manungsa minangka pribadi (liwat èlmu psikologi) lan manungsa sajroning lingkungané (liwat èlmu sosiologi-antropologi).