Oskar Schindler

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Oskar Schindler
Lair 28 April 1908
Svitavy (Basa Jerman: Zwittau), Austria-Hungary (present-day Czech Republic)
Tilar donya 9 Oktober 1974 (umur 66)
Hildesheim, Jerman Kulon
Pagawéyan Pengusaha
Partai pulitik National Socialist German Workers Party (NSDAP)
Agama Katulik
Garwa Emilie Schindler
Wong tuwa Hans Schindler
Franziska Luser

Oskar Schindler (28 April 19089 Oktober 1974) iku sawijining pengusaha sing misuwur amarga upaya-upayané kanggo nylametaké buruh-buruh Yahudiné saka Holocaust. Panjenengané nylametaké nganti 1.200 wong Yahudi kanthi ngongkon para buruh nyambut gawé ing pabrik amunisiné ing dhaérah sing saiki dadi wilayah Polandia. Schindler kanthi sengaja mrodhuksi amunisi sing ala jroning upayané ngrugèkaké militèr Jerman jroning peperangan.

Mangsa cilik[sunting | sunting sumber]

Schindler dilairaké ing Zwittau (saiki Svitavy), Bohemia (wektu iku bagéyan saka Austria-Hongaria, saiki Républik Ceko), jroning sawijining keluwarga pengusaha sugih. Keluwargané nandhang Malaise nalika taun 1930-an lan Schindler nggabung karo Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei. Bapané, Hans, lan ibuné, Louisa, pegatan nalika Oskar umur 27 taun, sing njalari bapané sengit. Oskar duwé adhi wadon pitung taun luwih enom, Elfriede. Panjenengané cerak banget karo adhiné iki.

Mangsa Perang Donya II[sunting | sunting sumber]

Minangka sawijining pengusaha amatiran lan oportunistik, Schindler iku salah siji saka akèh liyané sing nggolèk bathi saka wilayah sing anyar sawisé invasi Jerman marang Polandia taun 1939. Schindler tuku sawijining pabrik kanthi rega murah banget ing Kraków, sing dijenengi Deutsche Emaillewaren-Fabrik, sing ngasilaké barang-barang email. Panjenengané uga éntuk 1.300 buruh budhak wong Yahudi kanggo nyambut gawé ing pabrik iku kanthi bantuan akuntané, sawijing wong Yahudi, sing jenengé Itzhak Stern. Sebagéyan wong nelakaké yèn panjenengané, saora-orané pisanan, kasurung mung déning dhuwit — ndhelikaké investor-investor Yahudi sugih, contoné — nanging ing tembe wuri panjenengané wiwit sacara luwih aktif ngreksa buruh-buruhé. Contoné, panjenengané bakal ngeklaim yèn para buruhé sing ora duwé kecakapan sabeneré wigati banget kanggo pabriké, lan yèn para buruhé dicidrani, Oskar bakal ngajokaké lapuran lan nuntut ganti rugi saka pamaréntah. Saiki dikawruhi yèn Schindler iku sawijining agèn Abwehr.

Pabrik Schindler ing Brněnec saiki

Minangka sawijining seksi kedadéyan panyerbuan 1942 marang Ghetto Kraków, nalika tentara-tentara Nazi mindhahké para penghuni ghetto nuju kamp konsentrasi ing Plaszow, Schindler dikagetké déning pepati marang akèh wong Yahudi sing upaya ndhelik ing omah-omahé. Schindler iku wong sing brilyan lan diplomatis, lan sawisé panyerangan iku panjenengané saya siap kanggo migunakaké kabèh kaluwihané kanggo nylametaké Schindlerjuden-né (wong-wong Yahudi duwèkané Schindler). Panjenengané ngatur bebarengan karo Amon Göth, komandhan Plaszow, supaya 900 wong Yahudi dipindhahké nuju sawijining komplèks pabrik ing ceraké lan ing kana wong-wong Yahudi mau rélatif bakal aman saka ancaman para pengawal Jerman. Schindler ping loro dicekel amarga dicubriyani nglakoni pamufakatan, nanging ing rong kesempatan iku panjenengané kasil lolos saka pakunjaran. Schindler biasané bakal nawakaké suap marang para pejabat pamaréntah supaya uwal saka investigasi. Nalika Tentara Abang sing nyerak ngancem kanggo mbébaské kamp-kamp konsentrasi tentara Jerman, mèh kabèh dirusak, lan sebagéyan gedhé tahanané diukum pati. Nanging Schindler kasil mindhahké watara 1.200 "buruh" nuju sawijining pabrik ing Brünnlitz (Brněnec) ing Sudetenland sasi Oktober 1944. Nalika kiriman buruh pabriké klèru dikirim menyang Auschwitz, panjenengané kasil njaluk dibalèkaké. Brünnlitz dibébaské sasi Mei 1945.

Sawisé perang[sunting | sunting sumber]

Nalika akir Perang Donya Schindler emigrasi menyang Argentina. Panjenengané bangkrut lan bali menyang Jerman taun 1958 lan nglakokaké sapérangan usaha bisnis nanging gagal. Oskar Schindler tilar donya ing Hildesheim, Jerman, tanggal 9 Oktober 1974, nalika umur 66 taun. (Film Schindler's List nelakaké yèn panjenengané séda ing Frankfurt — mungel amarga kutha iku luwih misuwur.)

Kenangan kanggo Schindler[sunting | sunting sumber]

Schindler diurmati ing pèngetan Yad Vashem kanggo Holocaust ing Israel minangka salah siji saka Wong sing Bener ing antarané Bangsa-bangsa lan disarèkaké ing sawijining Pasaréyan Kristen (Katulik Roma) ing Mount Zion ing Yerusalem. Panjenengané diwènèhi kinurmatan kanthi nandur sawijining wit ing Avenue of the Righteous (Dalan Wong sing Bener).

Crita Schindler, sing dicritakaké manèh déning Poldek Pfefferberg, wong sing slamet saka Holocaust, dadi dhasar kanggo buku Tom Keneally, Schindler's Ark (novel iku ing tembe wuri diganti jenengé dadi Schindler's List), sing nuli diadhaptasi jroning film Schindler's List taun 1993. Jroning film iki, panjenengané diperanké déning Liam Neeson.

Pirsani uga[sunting | sunting sumber]

Buku[sunting | sunting sumber]

  • Crowe, David M. Oskar Schindler: The Untold Account of His Life, Wartime Activities, and the True Story Behind The List. Philadelphia: Westview Press, 2004. ISBN 0-8133-3375-X

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Oskar_Schindler&oldid=825333"