Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei
|
Bagian dari seri tentang
Simbol nazisme
Nazisme Organisasi
Sajarah
Ideologi
Simbol
Tokoh
|
|
|
Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei (dipuncekak NSDAP utawi Parté Nazi, tegesipun "Parté Pekerja Nasional-Sosialis Jerman") inggih menika satunggalipun parté pulitik ingkang naté wonten ing negari Jerman.[1] Parté menika jumeneng ing taun 1920 ingkang punjeripun (pusat) ing München.[1] Sadèrèngipun dados parté NSDAP, parté menika nggadhahi nami Deutsche Arbeiterpartei (Parté Buruh Jerman), nami parté menika dipungantos ing tanggal 24 Februari 1920. Lambang resmi NSDAP inggih menika Swastika.[1]
NSDAP dados kakiyatan politik ingkang utami ing Nazi Jerman wiwit Républik Weimar kalah ing taun 1933 ngantos pungkasanipun Perang Donya II ing taun 1945, nalika dipundéklarasikaken kanthi ilégal lan para punggawanipun dipuncepeng amargi dipuntuduh minangka tersangka keawonan kamanungsan.[1] Tiyang ingkang mlebet parté Nazi nggadhahi satunggalipun idéologi politik ènggal, limrahipun dipuntepangi kanthi nami "Nazisme".[1]
Pangarsanipun parté menika, Adolf Hitler, dipunpilih déning Présidhèn Paul von Hindenburg minangka Kanselir Jerman ing taun 1933.[1] Awit wekdal semanten, Hitler kanthi cepet saged mbangun rézim totalitarian ing Jerman ingkang dipunsebat Reich kaping tiga.[1]
Idéologi Nazi inggih menika nengenaken bab kemurnian ras tiyang Jerman lan nyingkiraken kaum ingkang dipunsebat Lebensunwertes Leben (ing antawisipun Yahudi, Slavia, Rom, lan homosèksual), klompok Saksi-Saksi Yehuwa, tiyang cacat méntal utawi fisik, lan komunis.[2]
[sunting] Cathetan suku
[sunting] Pranala njawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.