Neil Armstrong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
( 28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Neil Armstrong
Potret Neil Armstrong, Juli 1969, nganggo klambi njaba angkasa tanpa helm
Armstrong ing taun 1969
Neil Armstrong Signature.svg
Astronot NASA
Nami sanès Neil Alden Armstrong
Kabangsan Amérika Sarékat
Lair 5 Agustus 1930
Wapakoneta, Ohio, A.S.
Pati 25 Agustus 2012 (umur 82)
Columbus, Ohio, A.S.
Pedamelan sadèrèngipun Penerbang laut, pilot uji coba
Wekdal ing ruwang angkasa 8 Dina, 14 jam, 12 menit, lan 31 detik
Pamilihan 1958 Man In Space Soonest
1960 Dyna-Soar
1962 NASA Group 2
Total EVAs 1
Total wekdal EVA 2 jam 31 menit
Misi Gemini 8, Apollo 11
Èmblem misi Ge08Patch orig.png Apollo 11 insignia.png
Bebungah Medali Kabebasan Presidhen Medali Kehormatan Antariksa Kongres

Neil Alden Armstrong (lair ing Ohio, Amérika Sarékat, 5 Agustus 1930 – tilar donya 25 Agustus 2012 kanthi yuswa 82 taun) yaiku salah sijining astronot, pilot uji coba, teknisi penerbangan, profesor universitas, lan Penerbang Laut Amérika Sarékat. Panjenengané minangka wong kapisan sing mlaku ing Bulan. Sadurungé dadi astronot, Armstrong yaiku perwira Angkatan Laut Amérika Sarékat lan nate dines ing Perang Korea. Sawisé perang, panjenengané dadi pilot uji coba ing Stasiun Penerbangan Kecepatan Tinggi Komite Penasihat Penerbangan Nasional, saiki Pusat Penelitian Penerbangan Dryden, papan panjenengané nyatetaké meh 900 penerbangan. Panjenengané lulus saka Universitas Purdue lan ngrampungaké sekolah sarjanané ing Universitas California Kidul.

Minangka peserta program penerbangan antariksa manungsa Man In Space Soonest Angkatan Udara Amerika Serikat lan X-20 Dyna-Soar, Armstrong gabung karo Korps Astronot NASA taun 1962. Penerbangan antariksa sing kapisan yaiku misi Gemini 8 NASA taun 1966, sing wektu kuwi panjenengané dadi pilot komandoné lan dadi warga negara A.S. kapisan ing njaba angkasa. Ing misi iki, panjenengané nglakokaké mekanisme prapatan lan pelabuhan wahana antariksa rong wahana antariksa sing ngawak kapisan bareng pilot David Scott.

Penerbangan antariksa kaloro lan pungkasan Armstrong yaiku minangka komandan misi mudunaké Bulan Apollo 11 wulan Juli 1969. Ing misi iki, Armstrong lan Buzz Aldrin mudun ing permukaan Bulan lan ngentekaké 2½ jam njelajahi Bulan, sawetara Michael Collins tetep ing orbit njero Modul Komando. Armstrong dihadiahaké Medali Kebebasan Presidhen déning Présidhèn Richard Nixon bareng Collins lan Aldrin, Medali Kehormatan Antariksa Kongres dening Presiden Jimmy Carter taun 1978, lan Medali Emas Kongres taun 2009.

Nalika tanggal 25 Agustus 2012, Armstrong tilar donya ing Cincinnati, Ohio,[1] ing yuswa 82 taun amarga komplikasi saka panyumbatan sirkulasi koroner.

Bab lan Paragraf

Taun-taun kapisan [sunting]

Neil Armstrong lair tanggal 5 Agustus 1930[2] ing Wapakoneta, Ohio, saka pasangan Stephen Koenig Armstrong lan Viola Louise Engel.[3][4] Panjenengané minangka keturunan Skotlandia lan Jerman, lan nduwèni adik loro, June lan Dean. Stephen Armstrong makarya minangka auditor[5] kanggo pamarintah negara bagian Ohio, lan kulawargané pindah-pindah ing 20 kutha ing Ohio ing 15 taun kapisan sawisé kalairan Armstrong. Kasenenngané kanggo mabur lan berkembang ing mangsa kuwi, wiwit nalika bapake nggawa Neil sing isih umuré 2 taun ing Cleveland Air Races. Nalika tanggal 20 Juli 1936, nalika umur 6 taun, Armstrong ngrasakaké mabur sing kapisan nganggo pesawat Ford Trimotor sing diarani "Tin Goose" bareng bapaké ing Warren, Ohio.[6]

Deleng uga [sunting]

Cathetan sikil [sunting]

  1. ^ "Space legend Neil Armstrong dies", CNN. diaksès tanggal August 26, 2012. 
  2. ^ "Neil Armstrong Bio - NASA". NASA. http://www.jsc.nasa.gov/Bios/htmlbios/armstrong-na.html. Retrieved May 18, 2011.
  3. ^ "History of Wapakoneta (or is it Wapaghkonnetta?)". City of Wapakoneta, Ohio. http://www.wapakoneta.net/history. Retrieved August 25, 2012.
  4. ^ Hansen 2005, pp. 49–50.
  5. ^ "Neil Armstrong grants rare interview to accountants organization", CBC News, May 24, 2012. Retrieved 2012-05-24.
  6. ^ "Project Apollo: Astronaut Biographies". NASA. http://history.nasa.gov/ap11ann/astrobios.htm#Armstrong. Retrieved May 12, 2011.

Wacanan [sunting]

Wacanan lanjutan [sunting]

Pranala njaba [sunting]

Golèki Neil Armstrong ing proyèk-proyèk wiki Wikimedia liyané:
Wiktionary-logo-en.png Dhéfinisi kamus
Wikibooks-logo.svg Buku tèks
Wikiquote-logo.svg Kutipan
Wikisource-logo.svg Tèks sumber
Commons-logo.svg Gambar lan médhia
Sing mengku  sadurungé:
Ellsworth Bunker
PenerimaSylvanus Thayer Award
1971
Diganti déning:
Billy Graham

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Neil_Armstrong&oldid=835027"