Mohandas Gandhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mohandas Gandhi
Wajah Gandhi tersenyum, mengenakan kacamata.
Lair(1869-10-02)2 Oktober 1869
Porbandar, Agen Kathiawar, India Karajan Manunggal[1]
Pati30 Januari 1948(1948-01-30) (umur 78)
New Delhi, Jajahan India
Jalaran patiRajapejah
Dikremasi ing Rajghat, Delhi.
28°38′29″N 77°14′54″E / 28.6415°N 77.2483°E / 28.6415; 77.2483
BangsaIndia
Jeneng liyaMahatma Gandhi, Bapu, Gandhiji
Alma materSamaldas College, Bhavnagar,
Inner Temple, London
Kondhang ingTokoh utama obahan kemerdekaan India,
mencetuskan ide Satyagraha lan Ahimsa
menyerukan non-sikara,
pasifisme
BojoKasturba Gandhi
AnakHarilal
Manilal
Ramdas
Devdas
minangka putra kang tilar donya ing wayah bayi
Wong tuwaPutlibai Gandhi (ibu)
Karamchand Gandhi (bapak)
Tandha tangan

Mohandas Karamchand Gandhi (2 Oktober 186930 Januari 1948) (aksara Devanagari: मोहनदास करमचन्द गांधी) ugi kaloka kanthi asma Mahatma Gandhi (basa Sangskerta: "jiwa agung") punika pamimpin spiritual lan pulitikus saking India. Wekdal gesangipun Gandhi, kathah nagari ingkang dados koloni Karajan Manunggal. Padunung wargi koloni-koloni kalawau sanget ngimpèkaken kamardhikan, supados saged nata lan mréntah negarinipun piyambak. Gandhi minangka salah satunggilipun piyantun ingkang paling wigatiing salebeting Gerakan Kamarddikan India. Piyambakipun punika satunggiling aktivis ingkang boten ngginakaken kakerasan, lan ngusung obahan kamarddikan kanthi aksi dhémonstrasi damai.

Biografi[besut | besut sumber]

Gandhi lair 2 Oktober 1869 ing praja Gujarat India. Sawetawis anggota keluarganipun nyambut damel wonten ing papréntahan. Wekdal nèm-nèman, Gandhi pindhah dhateng Inggris kanggé sinau bab ukum. Saksampunipun dados pengacara, Gandhi késah dhateng Afrika Selatan, satunggiling koloni Inggris, lan salami wonten ing mrika piyambakipun ngalami diskriminasi ras ingkang dipunwastani apartheid. Piyambakipun lajeng mutusaken badhé dados aktivis pulitik supados saged ngrobih ukum-ukum ingkang diskriminatif punika wau. Gandhi lajeng ngadegaken satunggiling obahan non-kakerasan.

Nalika wangsul dhateng India, piyambakipun mbiyantu prosès kamardikan India saking penjajahan Inggris; bab punika dados inspirasi kanggé rakyat ing koloni-koloni sanèsipun ndhèrèk berjuang supados pikantuk kamardikan lan mecah Kemaharajaan Karajan Manunggal lajeng ambangun Persemakmuran.

Rakyat saking sawatawis agami lan suku ingkang bènten-bènten ingkang gesang wonten ing India wekdal punika yakin yèn India peryogi dipunpecah dados sawatawis nagari supados saben golongan saged gadhah nagari piyambak. Kathah ingkang péngin supados para pemeluk agama Hindhu lan Islam gadhah nagari piyambak. Gandhi punika satunggiling pemeluk agami Hindhu nanging piyambakipun remen dhumateng pamikir-pamikir saking agama-agama sanès kalebet agami Islam lan Kristen. Piyambakipun percanten yèn manungsa saking sadaya agami kedah gadhah hak ingkang sami lan gesang sesarengan kanthi damai wonten ing satunggaling nagari.

Taun 1947, India siyos mardhika lan pecah dados kalih nagari, India lan Pakistan. Bab punika boten dipunsarujuki déning Gandhi.

Prinsip Gandhi, satyagraha, asring dipunterjemahaken dados "margi ingkang leres " utawi "margi tumuju kabébasan ", sampun maringi inspirasi dhumateng génerasi aktivis-aktivis dhémokrasi lan anti-rasisme kados Martin Luther King, Jr. lan Nelson Mandela. Gandhi asring mratélaaken yèn aji-aji ajaranipun prasaja sanget, ingkang dhedhasar kapitayan Hindhu tradhisional: leres (satya), lan non-kakerasan (ahimsa).

Wonten ing 30 Januari 1948, Gandhi dipunperjaya déning satunggiling tiyang Hindhu ingkang murka amargi Gandhi dipunanggep langkung mihak dhumateng kaum Muslim.

Warisan ajaran Gandhi di Indonésia[besut | besut sumber]

Selain tokoh-tokoh perjuangan anti sikara, keadilan dan perdamaian di tingkat donya, di Indonésia pun ajaran Gandhi menemukan lahan yang subur. Ibu Gedong Bagoes Oka, misalnya, menemukan inspirasi perjuangannya di dalam ajaran Gandhi. Ia mendirikan Ashram Gandhi di Candhi Dasa, Bali sebagai punjer pendidikan dan pengamalan ajaran-ajaran Gandhi tersebut.

Kutipan[besut | besut sumber]

  • "Mereka yang berjiwa lemah tak akan mampu memberi seuntai maaf tulus. Pemaaf sajati hanya melekat bagi mereka yang berjiwa tangguh."

Lain-lain[besut | besut sumber]

Gandhi tidak pernah menerima Pangaji-aji Bedhamèn Nobel, meski dia dinominasikan lima kali antara 1937 dan 1948. Beberapa dekade kemudian, hal ini disesali kanthi umum olèh pihak Komite Nobel. Ketika Dalai Lama dianugerahi Pangaji-aji Nobel padha 1989, ketua umum Komite mengatakan bahwa ini merupakan "sebuah wujud mengenang Mahatma Gandhi". Museum elektronik Nobel mempunyai artikel mengenai hal tersebut. [1] Sepanjang hidupnya, aktivitas Gandhi telah menarik berbagai komentar dan opini. Misalnya, sebagai penduduk Karajan Karajan Manunggal, Winston Churchill pernah berkata "Menyedihkan...melihat Mr. Gandhi, seorang pengacara Kuil Tengah yang menghasut, sekarang tampil sebagai seorang fakir yang tipenya umum di Timur, menaiki tangga Pura Viceregal dengan badan setengah-telanjang." Begitu juga dengan Albert Einstein yang berkomentar berikut mengenai Gandhi: "(Mungkin) para génerasi berikut akan sulit mempercayai bahwa ada orang seperti ini yang pernah hidup di donya ini." Karya Mahatma Gandhi tidak terlupakan olèh génerasi berikutnya. Cucunya, Arun Gandhi dan Rajmohan Gandhi dan bahkan anak cucunya, Tushar Gandhi, ya iku aktivis-aktivis sosio-pulitik yang terlibat dalam mempromosikan non-sikara di seluruh donya.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Gandhi, Rajmohan (2006), pg 1-3.
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.