Mahmud Abbas
|
محمود عباس
Mahmoud Abbas |
|
![]() |
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 15 Januari 2005 – 09 Januari 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Rauhi Fattouh (Interim) |
|---|---|
| Pengganti | Marwan Barghouti |
|
|
|
| Lair | 26 Maret 1935 22x20px|British Mandate of Palestine Safed, Mandat Britania atas Palestina |
| Kabangsan | Arab Israel |
| Partai pulitik | Fatah |
| Pasangan | Amina |
Mahmoud Abbas (Arab: محمود عباس) (lair ing Safet, 26 Maret 1935; umur 78 taun); limrahipun misuwur kanthi asma miturut kunya utawi nom de guerre Abu Mazen (ابو مازن) inggih menika Presiden kapilih ing Pemilu Presiden taun 2005 tumrap Otoritas Nasional Palestina (PNA: Palestinian National Authority) ing tanggal 9 Januari 2005.[1]
Mahmoud Abbas lair lan ageng ing Safet.[2] Sasampunipun lulus sekolah dhasar ing kutha menika, Abbas pindhah dhateng Suriah sasampunipun perang taun 1948.[2] Abbas nglajengaken sekolah menengah lan pawiyatan inggil ing kutha Damaskus. Sasampunipun tamat saking jurusan hukum ing Universitas Damaskus, panjenenganipun damel lembaga Palestina ingkang sepisanan ing taun 1954 ing Suriah.[2] Taun 1960-an, Abbas dados pegawe Departemen Pendidikan ing Qatar lan ing wekdal menika Abbas kekancanan kaliyan Yasser Arafat (1929-2004). Abbas dados anggota Majelis Nasional Palestina taun 1968 lan mimipin satunggalipun perundhingan boten resmi kaliyan Israel ing taun 1977.[2]
.
Wiwit taun 1983, Abbas dados anggota komite eksekutif Organisasi Pembebeasan Palestina(PLO) sarta mimpin komite nasional lan internasional ingkang konsentrasinipun ing sedaya bab organisasi non-pemerintah.[2] Abbas miwiti perundhingan rahasia kaliyan Israel ing taun 1989 kanthi pambiyantunipun Walanda.[2] Panjenenganipun tetep nglaksanakaken aktivitasipun perundhingan rahasia kaliyan Israel nalika lan sasampunipun Konferensi Madrid taun 1991.[2] Sasampunipun Konferensi Madrid, Abbas pinitados minangka koordinator urusan perundhingan.[2]
