Lemud

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wikipedia:Maca kothak taksonomiMaca kothak taksonomi
Lemud
Lemud Culex quinquefasciatus
Lemud Culex quinquefasciatus
Klasifikasi èlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Hexapoda
Kelas: Insecta
Subkelas: Pterygota
Infrakelas: Neoptera
Superordo: Endopterygota
Ordo: Diptera
Subordo: Nematocera
Infraordo: Culicomorpha
Superfamilia: Culicoidea
Familia: Culicidae
Kaberagaman
41 genus
Genus
Pirsani teks.

Lemud utawa nyamuk iku akèh arané ing tlatah Jawa. Ana sing ngarani jingklong, lan ana sing ngarani lamuk. Nyamuk kalebu cacahing srangga, utawa Dipteria.

Bab lan Paragraf

[sunting] Jinis lemud

Jinis-jinising lemud sing wis dikenal manungsa yaiku :

Jinising lemud sejatiné ana 2700, saka 35 genusé, lan lemud wis ana ing donya kira-kira 170 yuta taun. Ing Indonésia, lan tlatah Jawa, sing diweruhi ana 3 rupa, yaiku Anopheles utawa Lemud Malaria, Culex utawa Lemud biasa, lan Aedes utawa lemud demam berdarah.

[sunting] Ciri-ciri

Ciri-ciriné lemud yaiku : nduwé suwiwi sing arupa jaring, awaké cilik menik-menik, lan dawané akèh-akèhé 15 milimeter utawa luwih. Aboté lemud iku kira-kira 2 nganti 2,5 miligram lan isa mabur 1,5 nganti 2,5 km/ jam.

[sunting] Pangané lemud

Sing nyesep getih iku mung lemud babon, yèn lemud lanang ora nyesep getih, nanging nyesep sari tetanduran utawa woh-wohan. Lemud babon ndhuwèni moncong dawa sing diarani proboscis kanggo norèh kulit kurbané lan nyesep getihé. Isa kéwan-kéwan mamalia, utawa kéwan melata, lan manuk uga manungsa. Lemud babon nyesep getih iku kanggo kalangsunganing urip endhogé. Yèn ing pakanan biasané, kaya sari woh utawa tetanduran ora ana protein sing dibutuhaké kanggo endhog, dadi lemud babon kudu nyesep getih kanggo nerusaké silsilahé.

Akèh-akèhé lemud babon pada nyesep getih, nanging ana sajinis sing ndilalah ora nyesep getih babar pisan. Yaiku lemud jinis Toxorynchites.

[sunting] Habitat

Lemud biasané urip mung rong minggu utawa kurang yèn hawané cocok saka anakan nganti dadi lemud. Biasané lemud ndèlèh endhogé ing panggonan-panggonan sing banyuné ora ngalir, kayata got, bak adus, sendhang, alas bako, utawa panggonan banyu liyané. Lemud aedes biasané malah ndokok endhogé ana ing banyu sing resik tur bening nanging ora ngalir.

[sunting] Panyakit

Lemud akèh nularaké rupa-rupa panyakit kaya : Malaria, Tapak Gajah utawa Demam Berdarah. Pramila iku akèh cara digawé kanggo ngilangaké lemud saka panguripaning manungsa, nganggo obat nyamuk, utawa ngresiki saindhenging papan panggonan dhéwé-dhéwé.

[sunting] Obat lemud

Obat nyamuk ya ana macemé, sing diobong, disemprotaké utawa nganggo listrik. Lan bahan aktif sing digawé kanggo ngracik obat lemud iku kayata : DEET, lenga ekaliptus, lenga piretrum, sitronela lan sapanunggalané.

[sunting] Pranala njaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Lemud ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Lemud"