Klarap
| Klarap | |
|---|---|
| Klarap utawi cekibar | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| filum: | Chordates |
| Subfilum: | Vertebrata |
| kelas: | Reptilia |
| ordo: | Squamata |
| Suborder: | Sauria |
| Superkulawarga: | Acrodonta |
| kulawarga: | Agamidae |
| Subkulawarga: | Draconinae |
| Genus: | Draco |
| Species: | D. volans |
| Jeneng binomial | |
| Draco volans Linnaeus, 1758 |
|
Klarap utawi cleret gombel jroning (basa Indonésia:Cecak terbang utawa cekibar punika jnisipun reptil ingkang kalebu jroning suku (familia) Agamidae.Bangsa Kadhal punika ingkang kalebu ing sesuku inggih punika bunglon lan soa-soa (Hydrosaurus spp.).Klarap saleresipun mboten kagolong kulawarga cerak cecak kayata kéwan tekèk (suku Gekkonidae).
[sunting] Klarap Kampung
Klarap kampung punika jinising klarap kang asring miber wonten ing tlatah Jawa. Kadal punika misuwur kanthi asma èlmiah inggih punika Draco volans Linnaeus, 1758. Jeneng lokalipun inggih menika cekibar (Betawi), lan hap-hap (Sunda). Jroning basa Inggris saget kasebut gliding lizards utawi flying dragon.
Kéwan punika sumebar wiwit saking negara Thailand lan Semenanjung Malaya ing sisih kulon ; Kapuloan Filipina ing Lor; Sumatra, Mentawai, Riau, Natuna, Borneo, Jawa, Nusa Tenggara, Sulawesi, ugi Maluku ing wétan.