Kutha Samarinda
| Kalimantan > Kalimantan Wétan | ||
|---|---|---|
| Motto: Tepian | ||
| Dina dadi | - | |
| Walikutha | Syaharie Jaang | |
| Jembar | 718 km² | |
| Kecamatan | 10 | |
| Pedunung -Kapadhetan |
588.135 jiwa ([[]]) 819,13 jiwa/km2 |
|
| Suku bangsa | Banjar, Dayak, Jawa, Bugis, Tionghoa | |
| Basa | Indonesia, Banjar, Dayak | |
| Agama | Islam, Katolik, Protestan, Budha, Hindu, Kong Hu Cu | |
| Flora | ||
| Fauna | ||
| Zona wektu | WITA | |
| Kodhe tilpun | 0541 | |
|
Situs web resmi: http://www.samarindakota.go.id/ |
||
Kutha Samarinda iku sawijining kutha ing Provinsi Kalimantan Wétan, Indonésia, uga dadi ibukutha provinsi. Kutha iki nduwè motto Tepian singkatan saka teduh, rapi, aman lan nyaman.
Bab lan Paragraf |
Geografis [sunting]
Kutha Samarinda dumunung ana ing sisih wétan Provinsi Kalimantan Wétan. Kutha iki nduwèni jembar wewengkon 718 km2,[1] ing sajroning koordinat 0°19'02" - 0°42'34" LK lan 117°3' - 117°18'14" BW.[2]
Wewengkon [sunting]
Wates wewengkon Kutha Samarinda yaiku :
| ing sisih lor karo: | Kecamatan Muara Badak, Kutai Kartanegara |
| ing sisih kidul karo: | Kecamatan Loa Janan, Kutai Kartanegara |
| ing sisih kulon karo: | Kecamatan Tenggarong Seberang lan Muara Badak ing Kabupatèn Kutai Kartanegara. |
| ing sisih wétan karo: | Kecamatan Muara Badak, Anggana, lan Sanga-Sanga ing Kabupatèn Kutai Kartanegara. |
Kecamatan [sunting]
Kutha iki nduwè 6 kecamatan, yaiku :
Ning dina 28 Desember 2010, kecamatan ditambah 4 yaiku:
- Kecamatan sing paling ombo yaiku Kecamatan Samarinda Lor, jembaré 277,8 km2. Jembaré kecamatan iki dielong jembaré kecamatan sing hanyar Kecamatan Sungai Pinang.
- Kecamatan sing paling sempit yaiku Kecamatan Samarinda Seberang, jembaré 40,5 km2. Jembaré kecamatan iki dielong jembaré kecamatan sing hanyar Kecamatan Loa Janan Ilir.
Pedunung [sunting]
Okèhé pedunung miturut proyeksi BPS Kutha Samarinda kanggo taun 2006 yaiku 588.135 jiwa, pedunung lanang okèhé 304.497 jiwa lang sing wédhok okèhé 283.638 jiwa.[3]
- Kecamatan sing paling akèh pedunungé yaiku Kecamatan Samarinda Lor, cacahé 142.890 jiwa.
- Kecamatan sing paling sithik pedunungé yaiku Kecamatan Palaran, cacahé 50.866 jiwa.
- Kecamatan sing paling padhet pedunungé yaiku Kecamatan Samarinda Seberang, kapadhetané 2.173 jiwa/km2.
- Kecamatan sing paling arang pedunungé yaiku Kecamatan Palaran, kapadhetané 279 jiwa/km2.
Refrensi [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
|||||||
|
||||||||||||||||||