Kebab
Kebab (kebap, kabab, kebob, kabob, kibob, kebhav, utawa kephav) yaiku daging sing cara pamasaké disunduki nganggo sunduk utawa sujèn utawa saka gagang wesi.[1] Hidangan iki umumé ditemokaké ing masakan Laut Tengah, masakan Kaukasus, masakan Asia Tengah, masakan Asia Kidul lan masakan ing negara-negara liyané kayata Afrika.[1]
Daging kang umumé dianggo nggawé kebab yaiku daging wedhus gibas lan daging sapi, utawa kadhang-kadhang uga nggunakaké daging wedhus, daging pitik, iwak, utawa kerang utawa buku. [2]Kebab daging babi uga dikenal kanthi ing masakan Armenia, Bulgaria, Siprus, Yunani, lan negara bagéyan Goa ing India.[2]
Etimologi [sunting]
Jeneng kebab asalé saka basa Arab: kabab (کباب).[3]Kebab tegesé daging goreng, dudu daging panggang/bakar.[2] Tembung kabab uga ana uga kang ngarani asalé saka bahasa Aram: כבבא kabbābā. [3]Saliyané iku ana uga kang ngarani asalé saka bahasa Akkadia: kabābu kang tegesé "bakar, panggang".[3] Nalika abad kaping 14,kebab duwéni sinonim karo tabahajah, yaiku hidangan kang arupa daging kang dikethok lan digoréng ing basa Persia. [3]Ing buku-buku kang ditulis nganggo basa Turki, istilah kebab utawa daging wedhus gibas kang dikethok-kethok utawa dicacah.[1] Istilah kebab lagi duwéni teges daging panggang (shish kebab) nalika jaman Kesultanan Utsmaniyah, nanging isih ana istilah liyané kang luwih kuno kanggo daging panggang, yaiku shiwa` (شواء ) kang asalé saka basa Arab.[3]Sanajan ngono, kebab isih nduwéni teges istilah asliné nalika ing masaka semur, kayata tas kebab (kebab ing jero mangkok) saka Turki.[3]Ing masakan Mesir ana masakan semur daging sapi lan bawang bombay, masakan iki diarani kebab halla.[3]