Sujèn

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Sujèn utawa sunduk saté yaiku piranti kanggo nyunduki (biyasané) saté, kang kagawé saka pring kang disisèti lan dilincipi ing salah sijining pucuké. Sujèn iku jinis lan ukurané werna-werna miturut kagunané. Sujèn sing kanggo nyunduki saté pitik biasané ukuran cilik, utawa bisa uga digawé saka sada. Déné sujèn kanggo nyunduki saté wedhus ukurané rada gedhé lan rada kandel. Kanggo nyunduki kebab dianggo sujèn sing ukurané gedhé lan dawa, biasané kagawé saka wesi.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sujèn&oldid=454691"