Jamur merang
| Jamur merang | |
|---|---|
| Volvariella volvacea | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| divisio: | Basidiomycota |
| kelas: | Homobasidiomycetes |
| ordo: | Agaricales |
| kulawarga: | Pluteaceae |
| Genus: | Volvariella |
| Species: | V. volvacea |
| Jeneng binomial | |
| Volvariella volvacea (Bulliard ex Fries) Singer |
|
Jamur merang (Volvariella volvacea, sinonim: Volvaria volvacea, Agaricus volvaceus, Amanita virgata utawi Vaginata virgata) ing basa Aceh dipunwastani kulat jeramoe.[1] Jamur merang menika salah setunggaling spesies jamur pangan ingkang kathah dipunbudidayakaken wonten ing Asia Wétan saha Asia Kidul-wétan ingkang nggadhahi iklim tropis utawi subtropis.[1] Nami jamur merang menika asalipun saking basa Tionghoa cǎogū (Hanzi).[1]
Jamur merang nggadhahi wangun bunder kados tigan.[1] Jamur merang werninipun coklat peteng|coklat peteng ngantos klawu saha dipuntutupi mawi selubung.[1] Jamur merang ingkang diwasa nggadhahi cawan ingkang werninipun coklat tuwa radi klawu ing bagéyan tudhungipun, déné gagangipun nggadhahi werni coklat nèm.[1] Jamur merang ingkang dipunsadé kanggé dipundhahar menika jamur merang ingkang taksih enèm saha dèrèng wonten lapisan cawan wonten tudhungipun.[1]
Jamur merang dipunbudidayakaken wonten ing wewangunan omah kaca ingkang dipunwastani kumbung.[1] Jumbuh kaliyan naminipun, jamur merang ngginakaken dami kanggé medhia tanem.[1] Dami menika sami kaliyan merang inggih menika wit pantun. [1] Miturut panalitèn, limbah kapas ugi saged dados medhia tanem ingkang saged ngasilaken asil prodhuksi ingkang saé tumprap jamur merang.[1] Jamur merang misuwur kanthi nami warm mushroom.[1] Menika amargi jamur merang saged gesang wonten ing suhu ingkang panas inggih menika antawis 30-38°C kanthi suhu ingkang paling saé inggih menika 35 °C.[1] Jamur merang menika dipunginakaken dados bahan pangan ingkang nggadhahi protein ingkang kathah.[2]