Ganja
| Cannabis (Ganja) | |
|---|---|
| Godhong Ganja | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Urticales |
| kulawarga: | Cannabaceae |
| Genus: | Cannabis |
| Species: | C. sativa |
| Jeneng binomial | |
| Cannabis sativa Linnaeus |
|
| Subspecies | |
|
C. sativa L. subsp. sativa |
|
Ganja (Cannabis sativa syn. Cannabis indica)[1] iku tanduran budidaya pangasil serat, nanging luwih ditepungi amarga kandhutan dat narkotika ing wijiné, tetrahidrokanabinol (THC, tetra-hydro-cannabinol) sing bisa gawé panganggoné ngalami euforia (rasa seneng sing dawa tanpa sebab). Tanduran ganja biasané digawé dadi rokok mariyuana.
Ganja kalebu tanduran herba kang jejeg.[1] Uripé setaun langsung panèn, dhuwuré umumé 1-1,5 m.[1] Ganja nduwèni pang. Nalika enom rambuté akèh.[1] Godhong ganja thukul ing pangkal gagang.[1] Godhong ganja nduwèni gagang dawa, stipula bébas lan bentuké kaya benang utawa kaya tombak.[1]
Bab lan Paragraf |
Dasanama [sunting]
Ginje jawa (Jawa), ganja, bakong, on mangat, ata pulo, gelek (Aceh).[1]
Habitat [sunting]
Ganja urip ing panggonan kang nduwèni iklim tropis kang lembab.[1] Tujuwané kanggo mrodhuksi résin narkotik. Serat kang optimal bisa diasilaké nalika ganja urip ing dhaérah kang suhuné 15-27 drajat celcius.[1] Ganja thukul paling akèh ing Aceh.[1]
Réprodhuksi [sunting]
Ganja bisa ditangkaraké wijiné.[1] Wiji nukulaké cambah ing temperatur asor nanging ora sangisoré 1 drajat celcius.[1] Temperatur lemah 10-12 drajat celcius paling apik kanggo urip ganja.[1] Yèn nganggo cara vegetatif bisa kanthi cara stèk.[1] Ananging ana biokimia lan morfologi kang béda antarané ganja kang thukul saka wiji lan kang ditangkaraké kanthi cara vegetatif.[1]
Kena ing guna [sunting]
Ganja nduwèni akèh mupangat.[2]
- ngaktifké sistem sèl[2]
- nyehatké jiwa lan raga, kanggo tamba penyakit[2]
- èfèktif kanggo ningkataké kinerja otak tengen[2]
- èfèktif kanggo panlitèn lan pangkajian IPTEK[2]
- kanggo ningkataké energi alam ngisor sadhar[2]
Ananging yèn nganggo ganja kanthi dosis kang luwih bisa mbebayani kanggo kaséhatan lan bisa nyebabaké ketagihan.[2]