Fédération Internationale de Football Association
Fédération Internationale de Football Association (FIFA) utawa Federasi Internasional Persatuan Bal-balan iku badan pengatur internasional bal-balan. FIFA nduwèni markas ing Zürich, Swiss.
FIFA diadegaké ing Paris tanggal 21 Mei 1904 lan ngrayakaké dina dadiné sing ka-100 ing taun 2004. Sasi April 2004, FIFA ngumumaké yèn bakal ngraup kauntungan $144 yuta saka $1,64 miliar pametu ing taun 2003 lan 2006.
FIFA uga promosi bal-balan, ngatur transfer pemain antar tim, mènèhi gelar Pemain paling apik donya FIFA, lan macak dhaptar Peringkat Donya FIFA saben sasi.
Peraturan bal-balan ditetepaké déning IFAB (International Football Association Board), dumadi saka papat wakil saka FIFA lan siji-siji wakil saka Asosiasi Bal-balan Inggris, Asosiasi Bal-balan Skotlandia, Asosiasi Bal-balan Wales lan Asosiasi Bal-balan Irlandia.
Bab lan Paragraf |
Asosiasi [sunting]
- AFC - (Asia)
- CAF - (Afrika)
- CONMEBOL - (Amerika Selatan)
- CONCACAF - (Amerika Utara, Tengah dan Karibia)
- OFC - (Oseania)
- UEFA - (Eropa)
Turnamèn [sunting]
FIFA nglaksanakaké kajuwaraan-kajuwaraan bal-balan kaya :
- Turnamen pria antar negara
- Piala Donya
- Piala Konfederasi
- Cabang olahraga bal-balan pria ing Olimpiade
- Piala Donya U-20
- Piala Donya U-17
- Turnamen wanita antar negara
- Piala Donya Wanita
- Cabang olahraga bal-balan wanita pada Olimpiade
- Piala Donya Wanita U-20
- Piala Donya Wanita U-17
- Turnamen pria antar klub
- Turnamen wanita antar klub
- Turnamen futsal pria antar negara
- Turnamen bal-balan pantai pria antar negara
Dhaptar Presidhèn FIFA [sunting]
- Sepp Blatter, Swiss, 1998-saiki, kapilih 8 Juni 1998
- João Havelange, Brasil, 1974-1998, Presidhèn Kehormatan FIFA, dinominasikan 8 Juni 1998
- Sir Stanley Rous, Inggris, 1961-1974, Presidhèn Kehormatan FIFA, dinominasi 11 Juni 1974
- Arthur Drewry, Inggris, 1955-1961
- Rodolphe Seeldrayers, Belgia, 1954-1955
- Jules Rimet, Perancis, 1921-1954, Presidhèn Kehormatan FIFA, dinominasi 21 Juni 1954
- Daniel Burley Woolfall, Inggris, 1906-1918
- Robert Guérin, Perancis, 1904-1906
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) FIFA
|
|||||||||||||||||||||||||||||
| Bal-balan antarklub internasional | ||
|---|---|---|
| FIFA · Piala Donya Antarklub · Piala Interkontinental (distop) · Pemain paling apik donya · Tim | ||
| Asia | ||
| Afrika | ||
| Amérika Lor | ||
| Amérika Kidul | ||
| Oseania | ||
| Eropah | ||