Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Daniel Pedrosa Ramal utawa Dani Pedrosa (lair ing Sabadell, Spanyol, 29 September 1985; umur 26 taun) [1] yaiku sawijining pembalap MotoGP kelairan Spanyol. Pembalap misuwur saka tim Honda Repsol iki nadyan dhuwuré namung 158 cm nanging Pedrosa iki nduwèni prestasi kang luar biasa ing donya balap motor. Karire ing balap motor diwiwiti saka umur 12 taun lan dadi jawara 3 ing Spanish Pocket Bike Championship. Nalika taun 1999 njuwarani Spanish Pocket Bike Championship banjur melu kajuwaraan kang lewih dhuwur yaiku Movistar Activa Joven Honda Cup. lan dadi juara 8 kanthi nganggo motor Honda RS 125. Taun 2000, pindhah menyang kejuwaraan Spanish Championship 125cc lan dadi juwara 4. Taun 2001 dheweke miwiti melu kejuwaraan tingkat dunia yaiku MotoGp. taun iku dadi juwara 8 ing klasmen terakhir. Taun ngarepe esih ing kelas 125cc karo tim Telefonica Movistar Honda JR, Pedrosa dadi juwara 3 ing pungkasaning musim 2002. nembe ing musim 2003 Pedrosa bisa dadi juwara 1 kanthi 223 poin.
[sunting] Cathetan suku
- ↑ (id)[[1]](diundhuh tanggal 22 Maret 2011)
|
Tim lan pembalap kang lelomban ing MotoGP mangsa taun 2011 |
|
|
|
|