Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Casey Stoner (lair ing Southport, Queensland, Australia, 16 Oktober 1985; umur 27 taun) yaiku salah siji pembalap MotoGP saka Australia.[1] Saiki Stoner melu ing tim Repsol Honda. Stoner miwiti melu balap motor dadi pambalap wild card ing Sirkuit Donington Park, nalika GP Inggris kelas 125cc taun 2001.[1] Sawise mbalap ana ing kelas 125cc lan 250cc, Stoner banjur mlebu ana ing kelas MotoGP nalika tahun 2006 lan mlebu tim LCR Honda.[1] Puncak karire yaiku taun 2007 nalika Stoner ing tim Ducati Marlboro lan bisa dadi juwara donya sing pisanan.[1] Sawise dadi juara donya taun 2007 banjur ana ing yaun 2008, Stoner oleh kanugrahan gelar Young Australian of the Year kang diwenehke dening pemerintah Australia.[1]
Casey Stoner yaiku putra nomer loro saka pasangan Colin Stoner lan Bronwyn.[2] Casey nduwe mbakyu kang jenenge Kelly Stoner kang uga nduwe kasenengan lan asring melu balapan montor amatir . Wiwit cilik, Stoner wis biyasa karo sing jenenge pit montor. Pit montor pisanan kang diduweni dicoba nalika umur 4 taun sawise diajari dening kangmase.[2][3]
Kulawarga lan kanca [sunting]
Adriana Tuchyna lan Casey Stoner ana ing GP Valencia 2009.
Casey Stoner ketemu karo Adriana Tuchyna, kang asale saka Adelaide nalika balapan MotoGP Australia 2003.[2] Nalika kuwi Stoner menehi tanda tangane ana ing wetenge Adriana.[2]
Cathetan Suku [sunting]
|
Tim lan pembalap kang lelomban ing MotoGP mangsa taun 2011 |
|
|
|
|