Banyu krambil
Banyu krambil yaiku banyu bening ing sakjeroning woh krambil kang isih enom (degan). Omben-omben wujud banyu degan misuwur ing negara-negara tropis kaya ing India, Asia Kidul Wetan, Kepulauan Pasifik, Afrikalan Karibia, kanthi wujud asline, dikalengake, utawa diwadhahi gendul.
Banyu krambil dinggo omben-omben umum didol ing pira-pira panggon, saka restoran nganti ing pinggir-pinggir dalan. Umume migunakake krambil ijo lan diparas nalika arep diombe kanggo mesthekake menawa isih seger saka krambile.
Krambil kang dijupuk banyune biasane krambil kang isih enom, nalika isih ijo. Kanggo njupuk banyune, biasane krambil diparas kanggo gawe bolongan. Nalikane dibukak pisanan, kadhangkala banyu krambil muncrat metu, amarga beda tekanan saka njero krambil.
| Nilai nurtrisi per 100 g (Cithakan:Convert/oz)</noinclude> | |
|---|---|
| Energi | 79 kJ (Cithakan:Convert/kcal)</noinclude> |
| Karbohidrat | 3.71 g |
| - Gula | 2.61 g |
| - Dietary fibre | 1.1 g |
| Lemak | 0.2 g |
| Protein | 0.72 g |
| Air | 94.99 g |
| Vitamin A equiv. | 0 μg (0%) |
| - beta-carotene | 0 μg (0%) |
| - lutein and zeaxanthin | 0 μg |
| Thiamine (Vit. B1) | 0.03 mg (2%) |
| Riboflavin (Vit. B2) | 0.057 mg (4%) |
| Niacin (Vit. B3) | 0.08 mg (1%) |
| Pantothenic acid (B5) | 0.043 mg (1%) |
| Vitamin B6 | 0.032 mg (2%) |
| Folate (Vit. B9) | 3 μg (1%) |
| Vitamin C | 2.4 mg (4%) |
| Vitamin E | 0 mg (0%) |
| Vitamin K | 0 μg (0%) |
| Calcium | 24 mg (2%) |
| Iron | 0.29 mg (2%) |
| Magnesium | 25 mg (7%) |
| Phosphorus | 20 mg (3%) |
| Potassium | 250 mg (5%) |
| Zinc | 0.1 mg (1%) |
| Persèntase ngrujuk saka rékomendasi Amérika Sarékat kanggo wong diwasa. Source: Sumberdata Nutrisi USDA |
|
Produk turunan [sunting]
Banyu krambil bisa digawe nata de coco.