Gendul
Gendul yaiku barang kanggo nyimpen barang cuwèr kayadéné sirup, kécap, saos, lan banyu.[1]Gendul nduwéni gulu kang luwih ciyut tinimbang awaké.[1]Gendul umumé digawé saka gelas, plastik, aluminium, lan bisa uga kanggo nyimpen cairan kaya banyu, susu, minuman ringan, bir, anggur, obat, sabun cair, tinta.[1]Gendul saka plastik biyasané digawé kanthi ekstrusi.[1]Alat kanggo nutup botol diarani tutup botol (eksternal) utawa sumbat (internal).[1] Gendul uga ditutup kanthi ségel induksi.[1]
Gendul ditemokaké ing Inggris ing abad 14.[2] Gendul asalé saka basa Prancis boteille lan basa latiné butticula.[2] Gendul ana sing digawe saka gelas utawa kaca lan ana sing digawé saka plastik.[2] Ukurané uga ana sing gedhé lan cilik.[2] Gendul kang cilik biyasané kanggo wadhah parfum utawa minyak wangi.[2] Gendul kang digawé saka plastik nduweni kodé utawa simbol segitiga ing bagéyan ngisor gendul.[2] Ing sanjeroné simbol segitiga iki ana angka. [2]Angka iki nuduhaké botol iki bisa dianggo manéh sawisé tau dianggo utawa malah mbebayani yèn dianggo manéh.[2] Botol kang digawé saka kaca bisa dienggo manéh utawa diisi ulang. [2]Gendul uga bisa didaur ulang lan digawé barang liyané.[2] Saliyané gendul kang kanggo wadhah kécap, saos, ana uga gendul kang digawé khusus kanthi bentuk lan modhél kanggo bayi, gendul iki digawé kanggo wadhah susu bayi lan kanggo ngombé bayi.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.