Baguazhang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cithakan:Infobox Martial Art Baguazhang ya iku kagunan béla dhiri Cina kang nganggo prinsip dhasar saka buku kuna I Ching.[1][2][3] Baguazhang ya iku salah sawjining saka telung ngèlmu bela diri Cina kang nglatih organ jero kanthi nglatih kekuwatan jaran-jaran lan ora nglathih diri kanthi ''kekerasan'' kang diarani Neijia (loro liyané ya iku Xingyi lan Taijiquan)[2][3] Wong Cina tepung karo Taijiquan kanthi kekuwatan bangkeane. Xingyi kekuwatan tinjune lan Baguazhang mahsyur kanthi jangkahan sikile.[4][5]

Baguazhang ateges jurus Telapak Delapan Penjuru (八 ateges wolu, 卦 ateges penjuru, lan 章 ateges dlamakan).[6] Seni bela dhiri iki musatake kepriye carané nglawan musuh kanthi dlamakan mbukak lan owah, béda karo seni bela diri racaké kang nggunakaké tinju lan tenaga kang gedhé.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Jurus Baguazhang diciptakake déning Dong Haichuan (董海川) kang lair ing Wei An, He Bei sakiwa-tengené taun 1831.[1][3] Kawit cilik dhèwèké latihan ngèlmu bela dhiri lokal lan dadi salah sawijining petarung kang disegani.[3] Nalika umur 40 taun dhèwèké nindakaké lelungan ing kidul lan dadi anggota saka sekte Quan Zhen (全镇), péranganing sekte Tao.[3] Anggota saka Tao lumrahé ngapalake mantra sinambi lumaku mubeng supata tenang lan konsèntrasi.[3] Amarga keprigelane pungkasane dhèwèké ditunjuk minangka instruktur lan punggawa pura déningKaisar nalika iku.[1][7]

Mula-mulane Dong Haichuan nyebut aliran bela dirine kanthi aran Zhuan Zhang (传章) kang ateges dlamakan malik utawa muter.[3] Banjur dhèwèké nggabungake karo téyori Ba Gua (wolung penjuru) kang ana ing buku I Ching[3] Nalika iku Dong Haichuan mung nampa murid kang wis duwé dhasar ngèlmu bela diri.[3] Saka kono kabèh muride nganggo teknik dhasar Dong Haichuan lan nggabungake karo teknik bela diri kang wis dikuasai.[3] Iki kang nyebabake liran Baguazhang pecah dadi pirang-pirang pérangan.[3]

Murid-murid Dong Haichuan kang pungkasane dadi guru ya iku Yin Fu (尹福), Cheng Tinghua (程廷华), Song Changrong (宋长荣), Liu Fengchun (刘凤春), Ma Weiqi (马维棋), Liu Baozhen(刘宝珍), Liang Zhenpu (梁振蒲).

Aliran Yin[besut | besut sumber]

Yin Fu ya iku murid Dong Haichuan kang tuwa dhéwé lan kang sinau karo dhèwèké kira-kira 20 taun.[1][3] Ia pun mewarisi kalungguhan gurunya di pamaréntahan sampai akir dinasti Qing.[3] Dhèwèké uga kang nguwasani kabèh jurus lan falsafah Baguazhang ing antarané murid-murid Dong Haichuan.[3] Aliran bela dhirine sadurungé sinau Baguazhang ya iku Luo Han Quan, bela diri keprukan saka lore Cina.[3] Yin Fu ya iku guru saka aliran Yin Baguazhang.[3]

Aliran iki duwé teknik kombinasi keprukan kang rikat.[3] Malah ana kang kandha yèn seumur-umur Yin Fu yèn gelut kaya macan, obahan lumebu lan nyedaki musuh lan nibakake, kaya ta obahan macan.[3] Aliran iki fokus marang obahan kang cekat-ceket, obahan sikil kang rikat.

Aliran Cheng[besut | besut sumber]

Aliran iki tiru murid Dong Haichuan kang jenenge Cheng Tinghua.[3] Sadurungé dhèwèké sinau ngèlmu bela diri Shuai Jiao utawa gulat Cina ing basa Indonésia.[3] Dhèwèké duwé akèh murid lan warna-warna obahane.

Aliran iki mentingake obahan kang alus lan uga nggunakaké sithik tenaga.[3] Gerakan Cheng Tinghua diarani kaya naga kang nembus awan, diarani manawa saben dhèwèké ngubengake awake, musuhe bakal mbendal. Variasi populer saka aliran iki ya iku Gao, Jiang lan Sun.

Aliran Liang[besut | besut sumber]

Aliran iki nganggo keturunan saka murid Dong Haichuan kang pungkasan ya iku Liang Zhenpu.[3] Nalika merguru, Liang Zhenpu kena prabawa saka kakang-kakang seperguruane.[3] Kabèh mau kang ndadèkaké aliran kang sebenare ya iku gabungan saka aliran Yin lan Cheng.

Aliran liyané[besut | besut sumber]

Baguazhang isih duwé akèh pecahan aliran.[3] Ing antarané Fu, Gao, Gong, Jiang, Liu, Shi, Sun lan Yin Yang.[3] Sanajan kaya ngono, kabèh aliran lumrahé akèh jupuk dhasar saka telung aliran kang ana ing dhuwur.

Ciri kas[besut | besut sumber]

Kang mbedakake Baguazhang saka ngèlmu bela diri racaké ya iku meh ora ana kakuwatan tekanan kang ana ing jinis bela diri Waijia amarga latihane nglatih awak pérangan jero.[4][5] Baguazhang uga musatake obahan ngubengake mripat lan tangan ana ing tengahing bunderan.[3] Keprukan-keprukan ing ngèlmu bela diri iki ora olih kanthi nggunakaké otot kang kaku.[3] Lemes, nyawijining awak lan pikiran dadi kuncine.[4][5]

Sawijining petarung Baguazhang ora adep-adepan langsung kanthi kekuwatan lawan nanging golèk celah kanggo ngepruk lan nggunakaké tenaga kanthi temenan.[3] Yèn ditindakake kanthi bener, pungkasane musuh bakal dikepung déning obahan lincah Baguazhang lan kelangan keseimbangan.[3] Kanthi kaya ngono musuh bisa dikalahake déning serangan-serangan kang gonta-ganti manut kaanan.[3] Kabèh petarung saka ngèlmu bela diri liyané ya iku kandha manawa angèl banget ngadepi musuh kang béda-béda lan duwé obahan rikat kaya Baguazhang.[3]

Baguazhang ing Indonésia[besut | besut sumber]

Baguazhang ya iku ngèlmu bela diri kang dianggep anyar.[3] Agustinus Sufianto ya iku wong kang gawa ngèlmu bela diri tekan Indonésia.[4][5] Agustinus ngadegaké Perguruan Delapan Penjuru lan mulang mahasiswa Baguazhang ing sawijining universitas swasta ing Jakarta.[4][5] Dhèwèké ya iku keturunan kaping lima saka aliran Yin.

Delengan uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Smoky Mtn YSB Study Group Archived 2010-03-15 at the Wayback Machine., Smoky Mtn YSB Study Group. Diundhuh tanggal 5 April 2010.
  2. a b Lie, Zhang. “Classical Baguazhang Volume V: Yin Style Baguazhang.” Trans. Joseph Crandall. Pinole, California: Smiling Tiger Martial Arts 1995.
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag Bagua,Shenwu Martial Arts. Diundhuh tanggal 6 April 2010.
  4. a b c d e Wardhana, Raka M. Maret 2010. Pontianak Post: Berbagi Ilmu Dirikan Perguruan Delapan Penjuru
  5. a b c d e Agustinus Sufiano, Bawa Seni Bela Diri Tiongkok ke Jakarta[pranala mati permanèn], Bataviase.co.id. Diundhuh tanggal 7 April 2010.
  6. About Pa Kua Archived 2010-04-14 at the Wayback Machine., Pa Kua International. Diundhuh tanggal 6 April 2010.
  7. Green, Thomas A. "Martial Arts of the World" 2001