Wushu
Wushu (武術 atau 武术; pinyin: wǔshù) yaiku seni bertempur utawa bela diri.[1] Tembung kuwi luwih benar dibandingke karo tembung sing luwih misuwur nanging panganggone salah kung fu, sing artine ahli ana ing bidang tertentu, ora namung bela diri.[1] Kabeh kategori Seni bela diri China sing tradisional, keras lan lembut bisa diarani Wushu.[1] Wushu keras kalebu tinju kidul Nanquan lan tinju dawa Changquan.[1] Wushu lembut kalebu tinju Taiji, Telapak Bagua, lan tinju Hsing Yi.[1] Seni beladiri Wushu kang dikembangake dening etnisChina kang wis netep ing wilayah Asia Tenggara (paling utama Indonésia) diarani Kuntao.[1]
5 Èlemen Wushu [sunting]
- Banyu: Lambange kauripan, amarga banyu menehi pangan tanduran lan wujude banyu mesti padha karo wadah sing kanggo isi banyu.[1]
- Kayu: Lambange balung lan otot, kanggo energi saka kauripan lan nalika kena geni bisa gawe panas kanggo tenaga (otot).[1]
- Geni: Lambange kekuatan lan ketangkasan, menehi nutrisi saka asil pembakaran kang agawe kemajuan.[1]
- Bumi: Lambange lemah, menehi panggonan kanggo urip.[1]
- Logam: Lambange senjata, senjata iki penting banget kanggo wushu, supaya bisa ngalahake musuh.[1]
Wushu ing Indonésia [sunting]
Wushu ing Indonesia mulai diresmikake utawa mulai dadi organisasi olahraga sing kalebu KONI yaiku ing tanggal 10 November 1992, lan kang pisanan melu ing SEA GAMES Singapura taun 1993.[2] Bapak IGK Manila yaiku wong utawa tokoh ngadhege wushu Indonesia.[2]