Zytglogge

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Zeitglockenturm
Native name Zytglogge
Zytglogge 01.jpg
The east front of the Zytglogge at the end of the Kramgasse.
PernahOld City of Bern
Koordhinat46°56′53″N 7°26′52″E / 46.94806°N 7.44778°E / 46.94806; 7.44778Koordhinat: 46°56′53″N 7°26′52″E / 46.94806°N 7.44778°E / 46.94806; 7.44778
Diyasac. 1218–20
Architectural style(s)Medieval structure. External appearance: Baroque with Gothic elements
Bebadan kang kawoganCity of Bern
Part ofOld City of Bern world heritage site

Zytglogge ya iku salah sijining menara jam tuwa kang kondhang ing kutha Bern, Switserlan. Menara Zytglogge diyasa kira-kira ing taun 1218. Menara Zytglogge ngadeg ana ing kutha tuwa Bern. Menara jam iki kalebu wangunan kang penting ing kutha Bern amarga menara Zytglogge nduwèni sajarah penting kanggo kutha Bern. Menara Zytglogge iku menara kang nduwèni gegayutan karo prastawa ditemokaké salah sijining téori kang diciptakaké déning ilmuwan donya, ya iku Albert Einsten. Téori kang diciptakaké Einsten ya iku téori relativitas. Saliyané iku, menara Zytglogge uga ngélingake masarakat ing kana karo Jam Astronomi ing dhaérah Praha, Républik Céko.[1] Manara jam iki kalebu ing salah sijining sana warisan donya UNESCO.[2] Menara Zytglogge iki wis dibenakaké kaping akèh sasuwéné menara iki ngadeg, ya iku 800 taun. Amarga menara jam iki dadi simbol kutha Bern lan kalebu salah sijining wangunan paling tuwa ing kana, menara Zyrtglogge dadi kerep dibenakaké kanggo narik wisatawan nalika medhayoh ing kutha Bern utawa medhayoh ing Switserlan.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Zytglogge 1891

Jeneng saka menara iki dipertal menyang basa Jerman saka The Bernese German Zytglogge dadi Zeitglocke. Jeneng "glocke" saka menara Zytglogge nduwèni arti ya iku "bel" ing basa Jerman. Arti saka Zeitglocke ing basa Inggris kuwi padha karo loncèng wektu.[4] Sadurungé menara iki nduwèni jeneng Zytglogge, menara iki diarani kebie kang artiné kurungan utawa kunjara. Sawisé dirèkonstruksi, menara iki diarani nüwer turm utawa menara anyar.[5]

Sadurungé dadi menara jam, Zytglogge ya iku wangunan kanggo sawatara kagiyatan lan dadi menara panjaga. Kasinggihan, menara Zytglogge uga tau dadi kunjara. Ing mangsa awal menara Zytglogge diyasa, menara iki mung dadi lawang sisih kulon saka bèntèng kanggo mlebu ing kutha Bern saka kulon.[6]

Nalika taun 1405, wangunan menara Zytglogge ngalami karusakan parah amarga ana prastawa kobongan gedhé. Wangunan menara jam kuwi mau entèk amarga prastawa kobongan gedhé lan menara jam kuwi butuh dibangun manèh amarga akèh bagian wangunan kang padha rusak lan ora bisa digunakaké. Menara Zytglogge nalika ngalami prastawa kebakaran gedhe kuwi isih dadi kunjara lan durung dadi menara jam. Sawisé prastawa kebakaran gedhé ing taun 1405, kunjara dibongkar lan menara Zytglogge wis ora digunakaké dadi kunjara nanging dadi menara jam.[7]

Ing awal abad 15, jam-jam kang saiki ana ing menara Zytglogge mulai kapasang. Jam-jam kang dimaksud kuwi mau ya iku jam gedhé lan jam cilik kang nuduhaké jam astronomi. Ing akhir abad 15, wangunan menara Zytglogge dijembaraké. Ora mung menara Zytglogge, nanging menara-menara kang ana ing Bern uga dijembaraké.[7]

Interior[besut | besut sumber]

Interior utawa tatanan njero saka menara Zytglogge iki bisa owah utawa ganti-ganti miturut kagunaané. Miturut sajarah menara jam iki, biyèn menara jam iki tau digunakaké dadi kunjara lan saiki kagunaané wis ganti dadi menara jam. Amarga kuwi, menara jam iki tatanané ganti saka kunjara dadi menara jam kang bisa narik minat para wisatawan.[6]

Ing njero menara ana sawetara lowahan kang digunakaké pamaréntah Bern kanggo administrasi, kayata nyimpen arsip, gudhang, lan menara Zytglogge uga digunakaké kanggo ndelik lan jaga-jaga yèn ana serangan saka awang-awang. Saliyané kuwi, menara Zytglogge digunakaké kanggo nyimpen senjata api. Nanging, nalika taun 1979, njero menara jam iki wis dikosongi lan ora dianggo pamaréntah manèh. Sawisé taun 1979 menara Zytglogge ora bisa dileboni déning sembarang wong lan mung bisa dileboni kanggo pangrumatan wangunan lan wisata. Interior saka menara Zytglogge iki kerep banget didandani nanging ora nggatèkaké cara kang trep utawa didandani nganggo cara kang crobo kanthi cara ngremukaké bagian-bagian penting kang ana ing menara.[6]

Konstruksi wangunan Zytglogge saka wiwit ngadeg tekan taun 1979


Èksterior[besut | besut sumber]

Struktur jaba[besut | besut sumber]

Jam astronomi menara Zytglogge

Tatanan menara bagian njaba bisa didelok saka dhuwur lan ambané menara jam iki. Menara jam iki dhuwuré 54,5 mèter lan 24 mèter nalika menara jam iki diukur dhuwuré saka ngisor tekan atepé. Nalika didelok saka njaba, menara iki katon ana jam ing rong sisih menara. Jam kang sepisan kuwi jam gedhé utawa jam kang nuduhaké wektu. Jam kang kapindho kuwi jam cilik utawa jam astronomi.[2] Ing bagian njaba jam uga ana jarum jam kang kasambung karo palu. Palu kuwi mau digunakaké supaya loncèng wektu ing kana bisa muni kanggo nuduhaké wektu.[4] Bagian utama menara Zytglogge iki dibagi dadi rong bagian, ya iku menara tingkat siji lan menara tingkat loro. Bagian njabané kagawé saka watu. Menara Zytglogge tau dibongkar lan didandani nalika taun 1770. Bagian-bagian njaba menara uga dibongkar kejaba bagian hiasan Gothic kang ana ing ndhuwur tembok lan ana bagian undhak-undhakan kang ora mèlu dibongkar. Mung loro bagian kuwi artéfak saka wangunan menara sadurungé kang ora ilang amarga menara dibongkar lan didandani.[7]

Loncèng[besut | besut sumber]

Loncèng menara Zytglogge

Ing bagian dhuwur menara gumantung bel loncèng kang bisa muni nalika dithuthuk nganggo palu kang ana ing cedhaké. Loncèng kuwi kagawé saka bahan perunggu. Locèng kang ana ing menara jam iki bentuké gedhé, nduwèni diamèter sèntimèter lan boboté 1400 kilogram. Loncèng menara kuwi mau tetep ana nalika menara Zytglogge dibongkar lan didandani ing taun 1405. Loncèng gedhé bakal muni yèn loncèng kuwi mau ditabrak karo palu gedhé kang ana ing cedhaké lan dilakokaké déning jarum jam utama. Palu kuwi mau digawa karo patung wong kang kagawé saka logam lan ngobahaké lengen tangané kanggo nuthukaké palu ing loncèng menara Zytglogge.[7] Ing ngisor loncèng mau uga gumantung loncèng utawa bèl kang bentuké luwih cilik. Lonceng cilik kuwi uga bisa muni yèn dithuthuk déning palu saka jarum jam. Loncèng cilik iki wis gumantung kawit taun 1887 kanggo ganti loncèng asli kang wis rusak.[6]

Jam astronomi[besut | besut sumber]

Jam astronomi menara Zytglogge gumantung ana ing ngisor jam gedhé utama. Bentuké luwih cilik tinimbang jam gedhé kang nuduhaké wektu universal. Bentuk jam kang ana ing jam astronomi menara Zytglogge kuwi dibangun kanthi bentuk astrolab. Astrolab ya iku bentuk kang dianggep dadi kalkulator analog lan bisa ngrampungaké prakara ing babagan astronomi. Astrolab kuwi mau biyasané digunakaké déning para astronom lan para navigator kanggo ngukur wektu awan lan bengi, kanggo idèntifikasi lintang lan planèt-planèt kang ana ing tata surya, lan bisa kanggo ngukur garis lintang lokal.[8] Jam astronomi ing menara Zytglogge migunakaké 24 angka-angka Romawi kang warnané emas. Angka-angka kuwi dimulai saka I tekan XII kang dibalèni kaping pindho. Ing dhuwur jam astronomi ana lukisan kang nuduhaké déwa-déwa jaman kuno. Déwa-déwa kasebut cacahé ana lima kang makili dina ing seminggu lan planèt-planèt. Déwa-déwa kang ana ing lukisan, ya iku Saturnus kang nuduhaké dina Setu, Yupiter kang nuduhaké dina Kemis, Mars nuduhaké dina Selasa, Venus nuduhaké dina Jemuwah, lan Merkurius nuduhaké dina Rebo.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Media, Kompas Cyber. "Museum Einstein, Zytglogge, dan Suporter Belanda". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2020-01-02. 
  2. a b Liputan6.com (2019-04-06). "10 Menara Jam Paling Terkenal di Dunia, Salah Satunya di Indonesia". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2020-01-03. 
  3. Bernstein, Ken.; Williams, Anna E.; Berlitz Publishing Company. (1999). Switzerland (ed. Rev. 1999). Princeton, NJ: Berlitz Pub. Co. ISBN 2-8315-7159-6. OCLC 42373538. 
  4. a b Marti, Markus. (2005). 600 Jahre Zytglogge Bern : eine kleine Chronik der Zeitmessung. Bern: Stämpfli. ISBN 3-7272-1180-6. OCLC 76122049. 
  5. Beer, Ellen J. (1999). Berns grosse Zeit : das 15. Jahrhundert neu entdeckt. Bern: Berner Lehrmittel- und Medienverlag. ISBN 3-906721-28-0. OCLC 42839748. 
  6. a b c d e Bellwald, Ueli. Der Zytglogge in Bern. Bern: Gesellschaft für Schweizerische Kunstgeschichte. ISBN 3-85782-341-0. OCLC 451835780. 
  7. a b c d Hofer, Paul (1952). Die Kunstdenkmäler des Kantons Bern, Band 1: Die Stadt Bern (ing basa German). Gesellschaft für Schweizerische Kunstgeschichte. ISBN 978-3-906131-13-9. 
  8. Northrup, Cynthia Clark, 1959-. Encyclopedia of world trade : from ancient times to the present (ed. [Enhanced Credo edition]). Armonk, NY. ISBN 978-1-78402-826-8. OCLC 889717964.