Menyang kontèn

Yuga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga

Wonten ing ajaran agama Hindhu, Yuga (Sansekerta: युग) utawi 1 Mahayuga inggih punika siklus éwah-ewahaning jaman ingkang kadadéan wonten ing bumi, ingkang kapérang dados sekawan jaman, inggih punika Satya Yuga, Treta Yuga, Dwapara Yuga, sarta Kali Yuga. Miturut ajaran Hindhu, jaman-jaman mau dados sawijining siklus, sami kaliyan siklus sekawan mangsa. Siklus mau dipunwiwiti saking Satya Yuga, pinuju Kali Yuga. Sabibaripun Kali Yuga pungkasan, kawiwitan malih Satya Yuga ingkang énggal.Ewah-ewahaning Yuga minangka ajaran kebecikan saha kesadaran minangka umat ingkang gadhah agama samsaya dangu samsaya kirang, sesarengan kaliyan cacahing manungsa wonten ing donya punika. Wonten ing wurinipun manungsa bakal sadhar ing mangsa kalanipun sampun sepuh, buminipun sampun sepuh, nalika moral sampun risak saha ewahing budaya samsaya parah, punika dados pralambang minangka kiamat sampun badhé tumeka.[1]

Caturyuga ibarat Lembu Dharma

[besut | besut sumber]

Manawi dipunibaratkan kados Lembu Dharma (simbol perkembangan moralitas), sekawan siklus Yuga (Caturyuga) kados lembu ingkang jumeneng kaliyan sekawan sukunipun, ing pundi saben jaman gantos, suku lembu ugi ndhèrèk kirang satunggal, simbol moralitas ingkang kirang saben jaman. Jaman Satyayuga kados lembu ingkang jumeneng kanthi sekawan suku, moralitas manteb. Déné jaman Tretayuga kados lembu ingkang jumeneng kanthi tigang suku. Masa Dwaparayuga kanthi kalih suku, sarta masa Kali Yuga naming satunggal suku. Nalika jaman punika, moralitas boten saged jumeneng kanthi manteb.[2]

Urutan Siklus

[besut | besut sumber]

Siklus mau kawiwitan saking Satyayuga (jaman keemasan), sarta dipunpungkasi kanthi Kaliyuga (jaman kanisthan). Sabibaripun jaman kanisthan pungkas, kawiwitan malih jaman keemasan ingkang énggal, sami kaliyan ewahaning mangsa saking mangsa asrep tumuju ing mangsa semi, saha siklus punika lumampah kanthi wekdal ingkang dangu (ewunanan taun). Nalika masa kanisthan sampun pungkas, jaman énggal badhé kawiwitan, ing pundi manungsa-manungsa ingkang gadhah sipat awon sampun kabesmi sadéréngipun miwiti masa énggal ingkang langkung tentrem. Punika siklus masa saking Satya yuga pinuju Kali yuga, saha Kali yuga badhé wangsul malih dhumateng masa jaman Satya yuga. Periode saking Satya yuga pinuju Kali yuga dipunsebut 1 (satunggal) Mahayuga. Sabibaripun Mahayuga lumampah kaping 71, minangka sampun mau masa ingkang winastan Manwantara. Sabibariun 14 Manwantara kalampahan, mau periode ingkang winastan Kalpa. Miturut ajaran Hindhu, nalika periode mau kalampahan, alam semesta bakal dipunpralina.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  3. [3](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  • The Holy Science, Swami Sri Yukteswar. Published by Self-Realization Fellowship.
  • Year Yuga Calendar Archived 2007-03-11 at the Wayback Machine. (Broken Link, Need a replacement source)(dipunundhuh tanggal 13 November 2012)
  • Vishnu Purana — translation (dipunundhuh tanggal 13 November 2012)
  • Dictionary of Hindu Lore and Legend, Anna L. Dallapiccola (Thames & Hudson, 2002)(dipunundhuh tanggal 13 November 2012)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Vedic Time Measurement, Detailed description by Gurudev(dipunundhuh tanggal 13 November 2012)