Wushu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wushu

Wushu (武術 atau 武术; (ing basa Cina)) ya iku seni bertempur utawa bela diri.[1] Tembung iku luwih benar dibandingke karo tembung sing luwih misuwur nanging panganggone salah kung fu, sing tegesé ahli ana ing babagan tertentu, ora namung bela diri.[1] Kabèh kategori Seni bela diri China sing tradhisional, keras lan lembut bisa diarani Wushu.[1] Wushu keras kalebu tinju kidul Nanquan lan tinju dawa Changquan.[1] Wushu lembut kalebu tinju Taiji, Telapak Bagua, lan tinju Hsing Yi.[1] Seni beladiri Wushu kang dikembangake déning ètnisChina kang wis netep ing wewengkon Asia Tenggara (paling utama Indonésia) diarani Kuntao.[1]

5 Èlemen Wushu[besut | besut sumber]

  1. Banyu: Lambange kauripan, amarga banyu mènèhi pangan tuwuhan lan wujudé banyu mesti padha karo wadhah sing kanggo isi banyu.[1]
  2. Kayu: Lambange balung lan otot, kanggo ènergi saka kauripan lan nalika kena geni bisa gawé panas kanggo tenaga (otot).[1]
  3. Geni: Lambange kakuwatan lan ketangkasan, mènèhi nutrisi saka asil pembakaran kang agawé kemajuan.[1]
  4. Bumi: Lambange lemah, mènèhi panggonan kanggo urip.[1]
  5. Logam: Lambange senjata, senjata iki wigati banget kanggo wushu, supaya bisa ngalahake musuh.[1]

Wushu ing Indonésia[besut | besut sumber]

Wushu ing Indonesia wiwit diresmikake utawa wiwit dadi organisasi ulah raga sing kalebu KONI ya iku ing tanggal 10 November 1992, lan kang pisanan mèlu ing SEA GAMES Singapura taun 1993.[2] Bapak IGK Manila ya iku wong utawa tokoh ngadhege wushu Indonesia.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]