Menyang kontèn

Wong Damal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suku Damal
Suku Damal
Orang Delem
Gunggung cacah jiwa
(2009: kurang lebih 30.000 Jiwa.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia:
Basa
basa Damal
Agama
Mayoritas Kristen Protèstan dan Katulik, namun ada sedikit yang beragama Islam, Animisme, Animatisme, Dinamisme dan Totem
Golongan ètnik magepokan
Suku Dani, Suku Yali, Suku Lani dan Suku Moni.

Suku Damal utawi Wong Damal inggih punika salah sawijining suku ingkang dumunung ing pagunungan Papua. Basa Damal inggih punika médhia komunikasi antawisipun sesami tiyang damal. Tiyang Damal jaman rumiyin sampun masak migunakaken geni.[1]

Geni dipundamel kanthi “Hagan” inggih punika kayu alit garing ingkang dipunbelah tengah lan migunakaken tali rotan ingkang garing, tali rotan dipunjepit kanthi kayu garing ingkang tengahipun dipunbelah punika, lajeng kekalih pucuk tali rotanipun dipungesekaken terus ngantos antawising tali rotan lan kayu dados panas, lajeng panas punika medalaken kukus dumugi tali [[rotan punika pedhot lan ngasilaken latu.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut legenda tiyang Damal, asalipun saking laladan ‘Mepingama’ Lembah Baliem Wamena. Bab punika saged dipunrunut saking tembung ‘kurima’ ingkang tegesipun papan kapisanan nenek moyang tiyang Damal kempal lan ‘Hitigima’ ingkang ateges nenek moyang tiyang Damal pisanan ndhirikaken honai saking alang-alang.[2]

Honai minangka rumah adat suku damal ingkang turun-temuruan dumugi sapunika. Honai kadamel saking alang-alang punika boten ateges sedayanipun saking alang-alang, nanging atapipun kemawon ingkang kadamel saking alang-alang, manawi sanèsipun kadamel saking kayu-kayu tartamtu ingkang saged tahan dumugi puluhan taun.[2]

Saking papan kurima punika pendiri manéka saku dumunung, saking mriki sami nilaraken kurima satunggal baka satunggal tumuju ing sisih kilèn. Tiyang Mee kapisan medal saking laladan punika, lajeng suku ‘Moni’ sabibaripun punika sauku Damal lan Suku Dani tiyang damal mlebet laladan Ilaga lan Beoga. Tiyang damal wiwit mlebet ing laladan Ilop ingkang sapunika dipunsebut Ilaga lan Beoga. Laladan Beoga punika minangka punjer Suku damal, ingkang mapan ing sakanan kiringipun Kali Beogong saking hilir dumugi hulu.[2]

Saking laladan Beoga lan Ilaga punika tiyang Damal lajeng nyebar ing Jila, Alama, Bella, Stinga, Hoeya, Temabagapura (kampung Waa), Aroanop, Timika, lan Agimuga.[3]

Dhémografi

[besut | besut sumber]

Penduduk asli laladan Ilaga lan Beoga inggih punika tiyang Damal. Pambageyan miturut marga Damal ingkang gadhah hak ulayat ing laladan Ilaga inggih punika Magai. Magai ingkang dumunung wiwit laladan kali Kungnomun dumugi Owinomun. Marga Alom mapan ing laladan wiwit saking Namungku Wanin dumugi Towengki. Marga Murib (mom) dumunung ing laladan Towengki lan pérangan muara kali Ilogong dipunpapani déning Hagabal, Dang, lan Dewelek. Wiwit saking Tagaloan dumugi Kelebet dipundunungi déning marga Kiwak. Laladan ingkang pisanan dipundunungi tiyang Damal inggih punika Ilaga lan Beoga ingkang minangka punjer perkembangan tiyang Damal.[4]

Masarakat Damal manunggal kaliyan alam, tiyang Damal boten sami ngrantau ing laladan suku kerabat sanèsipun. Tiyang Damal remen sanget kaliyan papan dunungipun piyambak minangka pamaringan saking Gusti ingkang kathah sumber daya alam lan ugi nyimpen mutiara pagesangan.[5]

Gunung-gunung lan lembah-lembah nyimpen sumber day alam kados ta tambang, emas, pérak , tembaga, lenga bumi, kayu gaharu, kéwan-kéwan lan tetuwuhan. Alam papan dunugipun sampun nyawisaken manéka bahan sandang lan pangan kanggé nyambung pagesangan.[5]

Tiyang Damal pitados bilih piyambakipun minangka keturunan kapisan saking putra sulung nenek moyang bangsa manungsa. Piyambakipun gesang ing sisih lèr lan kidul pagunungan kartens lan ugi ing pinggir Kali Nogolonogong (Mambramo). Saking suku Damal punika kapérang dados kalih bebrayan, inggih punika ingkang kapisanan suku Damal ingkang gesang ing Kabupatèn Pucuk Papua, Ilaga lan Beoga, ingkang angka kalih inggih punika suku Amungme ingkang dumunung ing Kabupatèn Mimika, lan anak sukunipun minangka suku Delem ingkang gesang lan dumunung ing pinggir Kali Mambramo. Suku-suku punika namung satunggal suku lan satunggal nenek moyang nanging satunggal kaliyan sanèsipun kapérang. Suku Delem lan Amungme minangka anak suku saking suku Damal. Sajatosipun suku Delem punika gabungan saking tigang suku, inggih punika suku Damal, suku Dani, lan suku Wonno.[6]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Suku Damal Papua
  2. a b c Cartenz Pyramid And Papua Tribe
  3. [1]
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-05. Dibukak ing 2012-12-30.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. a b "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2012-10-17. Dibukak ing 2012-12-30.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. "Archive copy". Diarsip saka asliné ing 2011-08-16. Dibukak ing 2011-08-16.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  • Teppy Komekson Komangal, my honai dec, 21, 2009
  • Kabupatèn Pucuk Papua [1]

Cithakan:Bebrayan ing Indonésia