Wong Bonan
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(16,505 (year 2000 census)) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Republik Rakyat Cina, akèh-akèhé manggon ing provinsi Gansu lan cacah cilik ing provinsiQinghai. | |
Basa | |
Basa Bonan (tradhisional), Basa Mandarin | |
Agama | |
Akeh-akèhé Islam Sunni, cacah cilik mèlu agama Buddha Tibet (Qinghai) | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Mongol, Wong Dongxiang |
Wong Bao'an (保安族; pinyin: Bǎo'ān zú; utawa ing basa asline Cithakan:IPA-bodia) iku salah sawijiné bebrayan sing manggon ing provinsi Gansu lan Qinghai provinces ing sisih kulon Cina. Wong Bonan uga salah siji suku utama ing kabupatèn swapraja Jishishan Bonan, Dongxiang lan Salar, provinsi Gansu sing dedunung ing Huang Ho, cedhak karo rangkahe provinsi Qinghai.
Suku Bonan iku suku nomer 7 paling cilik saka 56 bebrayan lan cacahé 17.000 wong, tur diakoni resmi déning pemerentah Republik Rakyat Cina.
Sajarah
[besut | besut sumber]Wong Bonan iku dipercaya turunan saka prajurit Mongol Islam sing tinanggenah ing Qinghai salawasé jaman Yuan utawa Ming. Wong Bonan iku makarya ing tetanen lan mumpuni ing nggawe ladhing. Uga turunan campur antaraning wong Mongol, Hui, Cina Han lan Tibet. Ing cara klamben, wong Bonan nganggo tatacara busanane wong Hui.[1]
Leluri wong Bonan saiki pramilane mèlu agama Buddha Lamaisme, lan kira-kira ing taun 1585 wong-wong iki manggon ing tlatah Kabupatèn Tongren (ing Tlatah Amdo sing saiki kalebu provinsi Qinghai), sisih lor pasraman Tibet Rebgong. Ing taun semono kutha Bao’an diaraske.[2]
Sateruse, sawatara cacah panyatur Basa Bonan iki lumebu agama Islam lan pindah ngalor katuju kabupatèn Xunhua. Diujarake yèn wong Bonan iki diislamke déning bendara Hui Ma Laichi (1681?-1766).[3]
Samubare Pambrontak Dungan ing taun 1862-1877, (1862–1874) wong Bonan Muslim pindah luwih ngetan, nuju ing kabupatèn swapraja Jishishan Bonan, Dongxiang lan Salar ing provinsi Gansu.[2]
Wong-wong sing dadi Muslim iki dilebokake dadi bebrayan "Bonan" ing RRC. Sawetara sedulurane sing tetep Lamais lan manggon ing Tongren, saiki diklompokake béda karo dhulur Muslime lan kalebu bebrayan Monguor (Tu), sanajan sejatine tetep mitutur basa sing padha, ya iku Basa Bonan. Pepethan resmi bab "suku Bonan" dhéwé dianggep ethok-ethokan sajeroning wong Bonan.[2]
Prajurit Dongxiang, Baoan, lan Hui ngabdi ing ngisore Jendral Ma Fulu lan Ma Fuxiang ing Pembrontak Boxer, ngalahake Sekuthu Wolu Bangsa ing Perang Langfang.[4]
Kajaba iku, prajurit Dongxiang, Baoan, Hui, Salar,lan Tibetan uga mèlu adilaga karo Jendral Ma Biao ing Perang Sino-Jepang Kapindo lumawan Jepang.[5][6]
Basa
[besut | besut sumber]Cithakan:Islam and China Bonan Islam ing Gansu lan seduluré sing Buddha ing Qinghai (sing dilebokke dadi suku Monguor) sejatine mituturake Basa Bonan, salah sawijiné basa sing kalebu Basa-basa Mongol. Wong Bonan Buddha ing Qinghai mitutur dhialek sing rada bedha karo dulur Muslime ing Gansu. Sawetara basa Bonan Gansu akèh kena pengaruh Basa Cina, basa Bonan Qinghai luwih akèh nyilih tetembungan saka Basa Tibet.[2]
Basa Bonan ora duwé aksarane dhéwé.[7]
Bonan Islam ing Gansu cacahé luwih gedhé tinimbang seduluré sing agama Buddha ing Qinghai (kira-kira cacahé ana 12,200 Muslim (ing 1990), lan 3,500 Buddha (ing 1980)). Nanging ing Gansu, panyatur basa Bonan tansaya kurang (luwih akèh sing dadi panyatur dhialek Hezhou sing kalebu basa Mandarin), sawatara ing Qinghai, basa iki tetep diwariske nganti nom-nomane.[2]
Budaya
[besut | besut sumber]Akeh tradisi suku Bonan sing padha karo wong Dongxiang lan Hui. Klambi tradisionale nglebokaké lelakar Tibet, Hui lan Dongxiang. Para wanita suku Bonan nganggo krudung ireng, sawatara sing isih gadis nganggo warna ijo. Biasane wong lanang Bonan nganggo topi ireng utawa putih lan jaket putih.
Lading suku Bonan misuwur amarga kaendahan lan lelandhepane. Produksi lan nawakake lading iku uga dadi prakara wigati ing perekonomian wong Bonan saliyané tetanen lan rajakaya.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Shoujiang Mi, Jia You (2004). Islam in China. 五洲传播出版社. kc. 58. ISBN 7-5085-0533-6. Dibukak ing 2010-06-28.
- ↑ a b c d e Janhunen, Juha (2003). The Mongolic languages. Volume 5 of Routledge language family series. Routledge. kc. 325–326. ISBN 0-7007-1133-3.
- ↑ Lipman, Jonathan Neaman (1998). Familiar strangers: a history of Muslims in Northwest China. Hong Kong University Press. kc. 67. ISBN 962-209-468-6. Lipman's source is a book by Ma Tong.
- ↑ 抗击八国联军的清军将领——马福禄 - 360Doc个人图书馆
- ↑ "马家军悲壮的抗战:百名骑兵集体投河殉国(1)". 军事-中华网. 19 September 2008.
- ↑ "民国少数民族将军(组图)2 - 360Doc个人图书馆". Diarsip saka sing asli ing 2018-12-14. Dibukak ing 2017-09-11.
- ↑ Shoujiang Mi, Jia You (2004). Islam in China. 五洲传播出版社. kc. 57. ISBN 7-5085-0533-6. Dibukak ing 2010-06-28.