Wong Dongxiang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wong Dongxiang
دْوݣسِيْاݣ
Murid Dongxiang ing Sekolahan.
Gunggung cacah jiwa
(621.500)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
621.500 (Cacah Jiwa taun 2010) ing Gansu
Basa
Basa Santa
Agama
Islam Sunni
Golongan ètnik magepokan
Wong Bonan, Wong Hui

Wong Dongxiang (jeneng liyané: Sarta utawa Santa (撒尔塔); Hanzi Sederhana: 东乡族; Hanzi Tradisional: 東鄉族; Pinyin: Dōngxiāngzú; Xiao'erjing: دْوݣسِيْاݣذُ) salah siji saka 56 suku ing Cina kang resmi diakoni déning pamaréntah Cina. Wong Dongxiang akèh-akèhané manggon ing Préfèktur Swatantra Linxia Hui lan tlatah saubengé ing Provinsi Gansu, ing lor-kuloné Cina. Miturut cacah jiwa taun 2019, cacahé wong Dongxiang ana watara wong 621.500.

Asal lan tumangkaré[besut | besut sumber]

Wong Dongxiang isih seduluran karo wong-wong Mongol liyané kaya ta wong Monguor lan wong Bonan. Para sujana ngira-ngira yèn jatiné wong Dongxiang minangka golongan ètnik kang ndhèwèki thukul amarga sesrawungané karo wong-wong Asia Tengah, kang njalari wong Dongxiang padha nggilut agama Islam nalika abad angka 13.

Dipercayani yèn wong Dongxiang iki turunané prajurit Mongol kang dipapanaké ing laladan Hezhou déning Genghis Khan (taun 1162-1227 Masèhi) nalika nglembara mengulon, banjur awor karo wong Sartha kang teka merdagang saka Asia Tengah. Saliyané iku, ana pangira-ngira liyané yèn wong Dongxiang iku blèsterané manéka golongan wong, kaya ta wong Mongol, Han, lan Tibèt.[1]

American Asiatic Association mbabar kaca bab asal mulané wong Dongxiang ing kaca "Asia, Volume 40". Salah sawijiné wong Mongol Muslim, Ma Chuanyuan, kang mimpin limang kecamatan, diwawancara, lan nyritakaké bab asal usul bangsané. Lumebu Islamé salah siji klan turunan saka Genghis Khan marai nelangsa sadhuluré kang akiré mindahaké dulur klan kang dadi Muslim iku ing tlatah wétané Linxia. Kedadéan iki pramula ing jaman tumekané dinasti Yuan. Linxia wétan dicritakaké tlatah kang garing lan warnané kuning. Panulis ngira-ngira yèn ana 100.000 wong Mongol Islam. Wong-wong iku mitutur basa Mongol, nanging kabèh tuna aksara. Tulisan iku nyritakaké wong Dongxiang minangka kumpulan kang cacahé satus èwu wong, trah Mongol , agamané Islam lan budhayané Cina. Akèh-akèhané mung bisa sabasa.[2][3]

Wong Dongxiang uga diarani wong Santa (San-t'a), dicritakaké yèn wong Dongxiang akèh kang dadi anggota pasukané Jenderal Ma Fuxiang kang saka Hui.[4] Malah ana kira-kira yèn Ma Fuxiang dhéwé sajatiné turunan Santa, kang mbawur dadi wong Hui.[5]

Jeneng liya wong Dongxiang ya iku, sarta, uga mbingungaké bab asal mulané : tembung kang padha Sart mbiyén digawé ing Asia Tengah kanggo ngarani para sambéwara Arab[butuh sitiran], lan sabanjuré menyang pendhudhuk kutha kang akèhané panyatur basa Turkik. Jeneng Dōngxiāng kang artiné "désa-désa wétan" mula saka kasunyatan yèn papan panggonan wong Mongol Islam iku ana ing wétané kampung-kampung wong Han.

Kaya Muslim liyané ing Cina, wong Dongxiang uga akèh lumebu militèr Cina. Wong Dongxiang lan Salar diwènèhi "jatah mangan", tetembungan ing dunya militèr.[6]

Tentara Dongxiang, Baoan, lan Hui ana ing ngisoré Jènderal Ma Fulu lan Ma Fuxiang ing Pembrontakan Boxer, ngalahaké bala sekutu wolung bangsa ing Perang Langfang. Ma Fulu lan 100 prajurit Dongxiang lan Hui lelayu ing perang sengit ing Tratak Zhengyang ing Beijing nglawan wadyabala sekutu amarga padha tarung nganti mati kanggo nahan sekutu ing sagara.[7]

Pasukan Dongxiang, Baoan, Hui, Salar, lan Tibet uga dadi prajurité Ma Biao ing Perang Cina-Jepang kaloro nglawan Jepang.[8][9]

Kawin campur[besut | besut sumber]

Wong Dongxiang duwé jeneng buri Mongol, Cina Han, Wong Hui, lan Tibèt.[10] Wong Dongxiang kang duwé jeneng Han kaya ta Wang, Kang, Zhang, Gao, lan Huang nganggep dhèwèké turunan Cina Han. Déné wong Dongxiang kang jenengé Ma lan Mu asalé saka wong Hui.[11][12]

Akèh wong Muslim Keturunan Konfusius kang mula bukané saka Ma Jiaga (马甲尕), wong wadon Muslim, lan Kong Yanrong (孔彦嵘), turunan Konfusius kaping 59 ing taun 1480 lan turunané akèh tinemu antaraning wong Hui lan Dongxiang.[13][14][15][16][17][18][19][20][21][22]

Ing bab pikrama, ing kaanan kang arang, wong Dongxiang bakal kawin campur karo wong Hui lan Han, nanging ora karo wong Tibèt.[23]

Kutha Tangwangchuan (唐汪川) ing Gansu duwèni pendhudhuk rena-rena bangsa, kulawarga Tang (Tionghoa: ) lan Wang (Tionghoa: ) kang dadi kulawarga utama. Kulawarga-kulawarga iki mulané saka turunan wong Han dudu Muslim, nanging ing taun 1900an, sawatara sadulur ing kulawarga iku lumebu Islam amarga “pikrama campur utawa pindah agama”, déné liyané tetep dudu Muslim.[24] Warga ing kutha iku wis malih jati déning pikrama karo bangsa liya utawa lumebu agama bangsa mau. Kulawarga Tang lan Wang saiki kapérang saka rena-rena suku kaya ta Cina Han, Wong Hui, lan Dongxiang. Saka sisih Dongxiang lan Hui iku agamané Islam.[25] Tangwangchuan and Hanjiaji were notable for being the lone towns with a multiethnic community, with both non-Muslims and Muslims.[26]

Olah-olahan rena-rena bangsa uga lumebu tlatah Hehuang, lumantar bangsa kaya ta Mongol, Tibèt, Dongxiang lan Hui kang padha mangan olah-olahan siji karo liyané kaya ta domba lan tèh susu.[27]

Panguripan[besut | besut sumber]

Panguripan dhasar wong Dongxiang mligi ing tetanèn. Asil mligi ya iku kenthang, jagung lan trigu. Wong Dongxiang uga bisa nukang, mligi ngroncé karpèt tradhisional.

Basa lan Pandhidhikan[besut | besut sumber]

Wong Dongxiang mitutur Basa Dongxiang, salah sawijiné Mongolik family.[28] Wong Dongxiang uga nduwé adat kasusastran lèsan kang apik lan nulis nganggo abjad Arab.

Amarga Genti Basa, 20.000 wong ing sawatara désa-désa ing lor wétaning people Kabupatèn Dongxiang saiki mitutur "Basa Tangwang": ya iku salah sawijining rupa kréolisasi Basa Mandarin karo pangaruh Dongxiang, mligi ing paramasastrané.[29]

Statistik pamarèntah uga mratélakaké yèn wong Dongxiang iku salah siji minoritas Cina kang paling mlarat lan paling sithik kang ngolèhi pendhidhikan, amarga rata-rata wong Dongxiang mung ngebaraké sekolah 1,1 taun , masalah kang disebabaké ora anané basa panulisan. Ing taun 2004, Ford Foundation nyumbang dhuwit US$30.000 kanggo proyèk pendhidhikan rong basa ing basa Dongxiang lan Mandarin, kang pituju kanggo ngalongi angka pedhot sekolah ing antarané wong Dongxiang. Proyèk iki uga nerbitaké bausastra rong basa Dongxiang-Cina saliyané ngunggahaké asil ujian sekolah.

Wong Dongxiang kang Misuwur[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Jim Yardley (March 7, 2006). "Poor, illiterate and unaware they're in China". THE NEW YORK TIMES. Dibukak ing 2011-06-27.
  2. American Asiatic Association (1940). Asia: journal of the American Asiatic Association, Volume 40. Asia Pub. Co. kc. 659. Dibukak ing 2011-05-08.
  3. Hartford Seminary Foundation (1941). The Moslem World, Volumes 31-34. Hartford Seminary Foundation. kc. 182. Dibukak ing 2011-05-08.
  4. Pamela Kyle Crossley (2002). A Translucent Mirror: History and Identity in Qing Imperial Ideology. University of California Press. kc. 142. ISBN 0-520-23424-3. Dibukak ing 2010-06-28.
  5. Louis M. J. Schram (2006). The Monguors of the Kansu-Tibetan Frontier: Their Origin, History, and Social Organization. Kessinger Publishing. kc. 23. ISBN 1-4286-5932-3. Dibukak ing 2010-06-28.[pranala mati permanèn]
  6. Christian Literature Society for India, Hartford Seminary Foundation (1920). The Moslem World, Volume 10. Hartford Seminary Foundation. kc. 379. Dibukak ing 2011-06-06. {{cite book}}: Unknown parameter |editors= ignored (pitulung)
  7. 抗击八国联军的清军将领——马福禄 - 360Doc个人图书馆
  8. "马家军悲壮的抗战:百名骑兵集体投河殉国(1)". 军事-中华网. 19 Sèptèmber 2008.
  9. "民国少数民族将军(组图)2 - 360Doc个人图书馆". Diarsip saka sing asli ing 2018-12-14. Dibukak ing 2017-04-28.
  10. James Stuart Olson (1998). An ethnohistorical dictionary of China. Greenwood Publishing Group. kc. 66. ISBN 0-313-28853-4. Dibukak ing 2010-06-28.
  11. Henry G. Schwarz (1984). The minorities of northern China: a survey. Vol. 17 of Studies on East Asia (édhisi ka-illustrated). Western Washington. kc. 100. ISBN 0-914584-17-0. Dibukak ing 17 Juli 2011.(Original from the University of Michigan)
  12. Richard V. Weekes (1984). Richard V. Weekes (èd.). Muslim peoples: a world ethnographic survey, Volume 1 (édhisi ka-2, illustrated). Greenwood Press. kc. 238. ISBN 0-313-23392-6. Dibukak ing 17 Juli 2011.(Original from the University of Michigan)
  13. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-08-19. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  14. http://www.chinanews.com/cul/2014/12-14/6875063.shtml
  15. http://big5.taiwan.cn/zppd/MMWZ/201412/t20141215_8361279.htm
  16. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-08-28. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  17. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-04-09. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  18. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-08-28. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  19. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-08-19. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  20. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-05-02. Dibukak ing 2017-04-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  21. "Archived copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-04-13. Dibukak ing 2016-03-29.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  22. "Archived copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-04-13. Dibukak ing 2016-03-29.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  23. Colin Legerton; Jacob Rawson (2009). Invisible China: A Journey Through Ethnic Borderlands. Chicago Review Press. kc. 156. ISBN 1-55652-814-0. Dibukak ing 2010-06-28.
  24. Gail Hershatter (1996). Gail Hershatter (èd.). Remapping China: fissures in historical terrain (édhisi ka-illustrated). Stanford University Press. kc. 102. ISBN 0-8047-2509-8. Dibukak ing 17 Juli 2011.
  25. M.E. Sharpe, Inc, International Arts and Sciences Press (2007). Chinese sociology and anthropology. M.E. Sharpe. kc. 42. Dibukak ing 17 Juli 2011.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)(Original from the University of Virginia) [1][2][3]
  26. Jonathan Neaman Lipman (1997). Familiar strangers: a history of Muslims in Northwest China (édhisi ka-illustrated). University of Washington Press. kc. 145. ISBN 0-295-97644-6. Dibukak ing 17 Juli 2011.
  27. M.E. Sharpe, Inc, International Arts and Sciences Press (2007). Chinese sociology and anthropology. M.E. Sharpe. kc. 51. Dibukak ing 17 Juli 2011.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)(Original from the University of Virginia)
  28. Henry Serruys; Françoise Aubin (1987). The Mongols and Ming China: customs and history, Volume 1. Variorum Reprints. kc. cxv. ISBN 0-86078-210-7. Dibukak ing 2010-06-28.
  29. International Council for Philosophy and Humanistic Studies (1996). Atlas of languages of intercultural communication in the Pacific, Asia, and the Americas, Volume 2, Part 1. (Volume 13 of Trends in Linguistics, Documentation Series). Walter de Gruyter. kc. 875–882. ISBN 3-11-013417-9.

Pranala njaba[besut | besut sumber]