Tugu Yogyakarta
Koordhinat: 7°46′59″S 110°22′02″E / 7.782920627825076°S 110.3670853697517°E
Tugu Yogyakarta inggih punika salah satunggalipun monumèn utawi tugu ingkang wonten ing Yogyakarta.[1] Tugu Yogyakarta dados simbul Kutha Ngayogyakarta ingkang paling misuwur.[1] Yuswanipun tugu punika sampun langkung saking tigang abad lan gadhah makna ingkang ageng minangka saksi sajarah Kutha Ngayogyakarta.[1]
Tugu Yogyakarta kalebet satunggalipun tugu utawi menara ingkang asring dipunangge minangka simbul/lambang saking Kutha Ngayogyakarta.[1] Tugu punika dipunyasa déning Hamengkubuwana I, pangarsanipun Karaton Yogyakarta.[1][2] Miturut kapitayanipun tiyang Yogyakarta, tugu punika gadhah makna simbolis lan dados garis ingkang asipat magis amargi dados penghubung Laut Kidul, Karaton Yogyakarta, lan Gunung Merapi.[1] Wangunan tugu punika nggambaraken Manunggaling Kawula Gusti, manunggalipun kawula kaliyan punggawa kanggé ngusir penjajah.[1] Semangat mangunggal punika dipunsebat golong gilig cetha kagambar ing wangunan tugu punika, tiangipun awujud gilig (silinder) lan pupusipun awujud golong (bulat), ngantos pungkasanipun dipunparingi nama Tugu Golong-Gilig.[1] Wontenipun tugu punika ugi dados patokan arah nalika Sultan Yogyakarta badhé ngawontenaken meditasi, ingkang ngadhep pupusipun Gunung Merapi.[1]
Wangunan Tugu Yogyakarta nalika nembé dipunyasa awujud cagak silinder ingkang mucuk manginggil, sisih wangunan ingkang ngandhap awujud pager ingkang ngubengi tugu, lan sisih pupus utawi pucukipun awujud bundher.[1] Nalika nembé dipunyasa tugu punika gadhah inggil 25 méter.[1][2]
Taun 1889, tugu punika dipunrenovasi pamarintah Walanda.[1] Tugu punika dipunrenovasi ing sadayanipun.[1] Nalika samanten tugu dipundamel awujud pasagi (pasagi) kanthi saben sisihipun tugu dipunparingi prasasti ingkang isinipun sinten kemawon ingkang ndhèrèk ngrenovasi tugu punika.[1] Pupusipun tugu dipun-gantos dados lancip boten kados wiwitanipun ingkang awujud bundheran.[1] Inggilipun tugu ugi dipunkirangi, inggih punika namung gadhah inggil 15 méter utawi langkung endhèp tinimbang wiwitanipun.[1] Awit prastawa punika, tugu punika dipunsebat De Witt Paal utawi Tugu Pal Pethak.[1][2]
Sejatosipun rénovasi tugu nalika samanten namung taktik Walanda kanggé ngirangi raos manunggal kawula kaliyan rajanipun.[1] Nanging, ningali perjuangan kawula lan rakyat Yogyakarta ingkang tetep ageng sasampunipun renovasi tugu punika, pungkasanipun usaha Walanda punika boten saged kasil.[1]
Tugu Golog Gilig
[besut | besut sumber]Gambar perbandingan Tugu Golong Gilig lan tugu samangké Tugu Golog Gilig sajatosipun ngemu werdi ingkang lebet, amargi gayut kaliyan falsafahipun Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Inggih punika antawisipun Tugu Golong Gilig – Kraton – Panggung Krapyak, ingkang dados satunggal Garis Lurus Sumbu Filosofi Kraton Ngayogyakarta. Sinebat sumbu filosofi jalaran sumbunipun nyata wujud margi. Déné sumbu imaginer-ipun inggih punika antawisipun Redi Merapi – Kraton-Seganten Kidul utawi Samodra Indonésia. Winastan Tugu Golog Gilig jalaran saking wujudipun, nginggilipun golong sinangga silindris utawi gilig, mengku werdi gregetipun warga Ngayogyakarta ngantos samangké, lan ugi mengku filsafat Manunggaling Kawula Gusti. Tugu Golong Gilig inggilipun sakawit 25 m lan nalika kadadosan tumempuhing lindhu ageng 10 Juni 1867, nalika jamanipun Sri Sultan HB VI, tugu kasebat prothol tugel sapérangan, lan ngantos 22 taun boten dipunyasa malih, namung dipunkendelaken. Tugu dipunyasa malih nalika jamanipun Sri Sultan HB VII, kanthi wujud tugu samangké. Awit undhagi utawi arsitekipun punika Walandi, kamangka Walandi ingkang dipunajrihi inggih punika greget utawi semangat golong gilig awit mujudaken semangat persatuan dan kesatuan antawisipun kawula Ngayogyakarta lan gustinipun, utawi gusti (pemimpin) kaliyan kawulanipun, pramila lajeng dipun-gantos kaliyan wujud tugu samangké. Awit saking punika, blegering tugu samangké teges, wujud lan ukuranipun susut. Maknanipun sampun boten golong gilig malih, wujudipun ugi boten golong gilig malih, lan ukuranipun ingkang sakawit 25 m samangké kantun 15 m. Wontenipun tugu punika kados déné lampahing kabudayan kina (budaya menhir). Kawula saking sanjawining Ngayogyakarta manawi sampun ningali utawi dumugi ing Tugu Golong Gilig ingkang inggilipun 25 m, ateges sampun celak kaliyan Kraton Ngayogyakarta. Wewengkon tugu ugi naté dipunrengga mawi patamanan ngantos taun 2008. Nanging ing taun 2009-2010 Pamaréntah Kutha Ngayogyakarta gadhah program bilih sakiwa tengening tugu, perkerasan-nipun ingkang suwau aspal dipun-gantos sela. Sejatosipun anggènipun nggantos sela punika wonten pikajenganipun, kanggé nedahaken dhateng masarakat ingkang langkung ing papan mriku, bilih awit wonten tatanan sela mangidul radi panjang, lan ngetan – ngaler-ngiler sakedhik, nedahaken bilih tugu wonten gayutipun kaliyan kraton. Namung emanipun ngantos 2 taun (2011) dèrèng rampung satemah tetiyang ingkang langkung sami kaget, lan anggènipun langkung kedah ngalang.
Gambar Tugu Ngayogyakarta taun 1920 Wiwit taun 1920 sakupenging tugu sampun wonten tanemanipun, nanging pamilihing tuwuhan klentu, Awit kanggé damel landscap punika boten ngginakaken tuwuhan kajeng taun nanging mawi tuwuhan perdu utawi semak ingkang boten saged inggil. Ngantos taun 2008 landscap sampun mawi tuwuhan perdu lan spotlight. Nanging samangké patamanan punika sampun ical, awit dipun-gantos paving sela, lan Tugu Ngayogyakarta rinengga lampu. Bab punika dados satunggaling kawicaksanan jalaran samangké Tugu Ngayogyakarta ugi dados salah satunggaling papan jujugan wisata, mliginipun ing wanci dalu, kanggé latar foto para wiranem. Pramila patamanan lajeng dipunicali, tinimbang risak kepidak pidak ingkang badhé foto.
Tugu Ngayogyakarta taun 2008, kawawas saking iring Kidul Kilen Ing Kotagedhe ugi wonten tugu cacah kalih. Inggih punika wonten ing ngajeng masjid lan pojokan Peken Kotagedhe iring Ler Kilen. Tugu kekalih punika ingkang yasa sanès Sultan Ngayogakarta Hadiningrat, nanging Sri Susuhunan PB X saking Surakarta Hadiningrat. Sinaosa wujud tugunipun meh sami kaliyan Tugu Ngayogyakarta, nanging béda tegesipun. Tugu ingkang wonten ing Kotagedhe punika tugu minangka pepenget.
Tugu sangajenging Masjid Kotagedhe Tugu ingkang wonten ngajeng Masjid Kotagedhe punika minangka pepenget nalika masjid dipunmulyakaken sasampunipun tumempuhing lindhu ageng ing taun 1867. Wonten nginggil tugu dipunpasang renggan makutha. Makutha punika minangka ciri Kraton Surakarta, déné manawi Ngayogyakarta cirinipun songkok utawi topong,
Tugu Jam Kotagedhe taun 2007
Déné tugu ingkang wonten pojokan peken Kotagedhe, minangka tugu pisungsung saking kawula, pepenget nalika Sri Susuhunan PB X yuswa 70 taun. Tugu punika jinangkepan prasasti ingkang dipundipundamel saking marmer mawi aksara Jawi ungelipun: PANGENGET ENGET SAHANDAP SAMPEYAN DALEM INGKANG WICAKSANA INGKANG SINUWUN KANGJENG SUSUHUNAN PAKU BUWANA INGKANG KAPING X YUSWA 70 TAUN. AMARENGI ING DINTEN SELASA PAING KAPING 21 WULAN REJEB TAUN WAWU ANGKA 1865 UTAWI TANGGAL KAPING 30 WULAN OKTOBER ANGKA 1934. KOMITE KUTHA GEDHE.
Prasasti Tugu Jam Kotagedhe Tugu punika sanès yasanipun Sri Susuhunan PB X piyambak, nanging dipunyasa déning warga masarakat Kotagedhe. Pramila sinerat Komite Kutha Gedhe. Bab kasebat jalaran rumiyin wewengkon Kotagedhe wonten pérangan ingkang mlebet tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta, laladan inclave, Kangge mengeti Sri Susuhunan PB X nalika yuswa 70 taun, warga masarakat Kotagedhe ingkang kebawah Surakarta yasa tugu punika, lan ing tugu kasebat ugi dipunsukani jam, pramila dipunsebat Tugu Jam. Papan kanggé jam ugi dipundamel saking marmer dipuncowong utawi dipunkrowak, lan kaparingan logo padi kapas sarta inisial PB X mawi aksara Latin lan Jawi.
Cowongan Jam ing Tugu Jam Kotagedhe Inisial ingkang mawi aksara Latin sinerat PB X, déné ingkang mawi aksara Jawi mawi seratan Pa lan Ba murda sarta angka 1 lan 0 ing ngandhahpipun.
Inisial aksara Latin
Inisial aksara Jawi Sedaya tugu wau sampun kalebet bandha cagar budaya, heritage ingkang dipunayomi undang undhang, ingkang énggal piyambak UU No 11 / 2010. Sejatosipun punika saged kanggé bahan wucalan, bilih jaman rumiyin kanggé ngenget enget dipundamel tugu, monumen lan prasasti. Kadosta nalika Sri Susuhunan PB X punika yuswa 70 taun. Tugu dipunyasa taun 1934, déné surud dalem Sri Susuhunan PB X taun 1939, dados punika 5 taun sadèrèngipun Sinuwun PB X séda.
Gambar Margatama taun 1930, Tugu dipunsawang saking kidul Tugu mangidul dumugi teteg sepur, rumiyin namanipun Margatama, lan samangké nama punika dipunewahi dados Jalan Mangkubumi. Griya tingkat ing sisih lèr kilèn tugu, rumiyin Toko Buku Gunung Agung lan ing pojok lèr wetanipun dumunung gardhu anim utawi gardhu listrik, ingkang samangké sampun ical, Uwit ingkang katingal ing foto inggih punika uwit Asem. Déné tuwuhan ing sakiwa tengening tugu rumiyin inggih punika Asem lan Gayam. Asem lambang raos sengsem, Gayam lambang raos ayom. Sinaosa wujud uwit nanging ngandhut teges filosofi satemah saestunipun boten saged dipunewahi. Kadosta lampah ingkang klentu nalika tlatah Malioboro samangké dipuntanemi uwit Angsana lan Sawo Kecik. Punika prayoginpun dipunwangsulaken dhateng kawontenan sakawit.
Foto Tugu ing taun 1935 kawawas saking Kidul
Foto Tugu taun 1939 kawawas saking Kilen Tugu Ngayogyakarta taun 1939 kawawas saking kilèn. Gedhung tingkat sisih kanan tugu ngantos samangké taksih wonten. Tanemanipun ugi Asem satemah katingal edhum. Béda kaliyan jaman samangké ingkang sampun jejel riyel. Saestunipun punika saged dipuntata lumantar Tata Guna Lahan lan Tata Guna Bangunanipun. Ngayogyakarta saestunipun saged dipunatur wewangunan prayogi mawi ciri wewangunan Ngayogyakarta, tegesipun cakrik Jawi lan Indiche. Wewengkon Kotabaru sinaosa dumunung ing wewengkon Ngayogyakarta, nanging kirang trep manawi dipunsukani arsitèktur Jawi, amargi punika lingkungan Indiche. Kosok wangsulipun ing sakiwa tengen kraton lan lebet beteng cocogipun ugi arsitèktur Jawi. Maliboro wewengkon Indhise lan Cina. Pangeran Mangkubumi anggènipun yasa kraton mawi dhasar filosofi ingkang sakalangkung lebet. Sinaosa gumelaring nagari Islam nanging sawatawis tata gelaripun ugi nganggé konsèp agami Hindhu lan sanèsipun, Kadosta Konsep Redi Merapi – Kraton –Seganten Kidul ingkang methik saking Konsep Trihitakarana, Palemahan-Pawongan-Parahiyangan. Tugu lan Panggung Krapyak lambang lingga lan yoni, lambang kesuburan. Nanging awit Sri Sultan HB I punika jejulukipun Sayidin Panatagama Kalifatullah, pramila konsèp ingkang suwau wonten pangaribawa saking agami sanès, dipunpethik déning Ngarsa Dalem lan dipun-gantos falsafah ingkang langkung nJawani. Trihitakarana dados falsafah Sangkan Paraning Dumadi, Manunggaling Kawula Gusti lan sanès sanèsipun. Tugu Golong Gilig kaliyan tugu samangké sampun béda. Gandheng undhagi utawi arsitekipun tiyang Walandi pramila tugu ingkang samangké boten ngandhut filosofi. Sinaosa makaten nama taksih mendhing, awit jinangkepan prasasti mawi aksara Jawi ing sekawan pérangan praenipun. Wujuding tugu pancen dipundamel béda kaliyan Tugu Golong Gilig sakawit, jalaran kanggé nyupekaken kawula Ngayogyakarta dhateng falsafahipun semangkat persatuan kesatuan, Manunggaling Kawula Gusti, inggih gotong royong. Sinaosa wewangunan tugu dipun-gantos makaten, boten dados sabab tumrap warga Ngayogyakarta, amargi greget sesanti wau sampun mbalung sungsum. Bab punika kabukten ngantos jaman samangké, inggih nalika recovery pasca lindhu 2006 ingkang ing Ngayogyakarta sakalangkung rikat sanget. Bab punika awit sinembuh greget gotong, royong, kamanunggalan, dudu sanak dudu kadang yèn mati mèlu kelangan. Awit endahing wewangunan tugu pramila laheng kathah warga masarakat ingkang ngemba wewangunaning tugu, kanggé tandha utawi pepenget. Sinaosa makaten tegesipun tetep béda, lan ingkang cetha mbedakaken inggih punika wujud wadag lan ugi tandha prasasti ingkang sinerat ing ngriku. Awit lampah makaten boten wonten awisanipun. Kajawi, kados ta damel joglo lambang gantung dhateng sanjawining kraton, punika wonten awisanipun. Rerenggan Sorodan-Praban-Putri Merong ugi boten dipunkeparengaken dipunangge dhateng sanjawining kraton. Punika kanggé mbedakaken antawising kraton lan sanjawining kraton. Wonten kraton piyambak boten sadengah wewangunan sakanipun wonten rerenggan Putri Merong.
Foto Panggung Krapyak kawawas saking kidul, sadèrèngipun lindhu 2006 Tugu lambang lingga, Panggung Krapyak lambang yoni, lambang kasuburan tumrap agami Hindhu. Déning Pangeran Mangkubumi bab punika dipunewahi dados Konsep Sangkan Paraning Dumadi. Wewangunan Panggung Krapyak kados déné yoni, guwa garbanipun ibu. Saking Panggung Krapyak dhateng Kraton, dados Kawruh Sangkan, déné tugu tumuju dhateng kraton punika Kawruh Paran. Nanging mligi kanggé Ngarsa Dalem nalika lenggah dhateng Bangsal Manguntur Tangkil, tugu dados pont of viev utawi titik pandang nalika Ngarsa Dalem semadi ing Bangsal Manguntur Tangkil. Semadi nalika siniwaka, tanpa pangandikan, namung ngginakaken basa lambang lan pasemon. Pramila punika minangka tandha pangenget enget manunggaling kawula gusti, Kawula – rakyat, gusti – pemimpin utawi kawula – Sultan, Gusti – Allah. Nglenggahi pamenthanging gandhewa pamanthenging cipta, awit sampun manunggal antawising cipta rasa karsanipun. Déné punjering filsafat dumunung salebeting Kraton Ngayogyakarta, inggih punika pusaka Kyai Wiji, satunggaling dillah ingkang boten naté pejah wiwit jamanipun Ngarsa Dalem I. Pusaka punika dumunung ing Gedhong Prabayeksa.
Foto Panggung Krapyak sasampunipun lindhu 2006 Wiwit saking Panggung Krapyak mangaler dumugi Kemagangan Kidul Kraton, nggambaraken wiji dadi – lair – rumaja – diwasa – palakrama – ngandhut – lan nglairaken. Saler kilenipun Panggung Krapyak punika wonten kampung winastan Kampung Mijen, saking tembung wiji. Wiji manungsa punika dipunkandhut ing guwa garbanipun ibu, lair lumantar yoninipun sang ibu. Panggung Krapyak mangaler uwit ingkang dipuntanem Asem lan Tanjung. Asem punika lambang raos sengsem, ron Asem ingkang taksih anem sinebat sinom, Tanjung lambang dipunsanjung. Nggambaraken kenya ingkang taksih anem, ingkang saged damel sengsem manahing priya, satemah tansah dipunsanjung. Panggung Krapyak sakawit mujudaken papanipun Ngarsa Dalem nalika mriksani para kawulanipun mbebedhag. Panggung Krapyak wujudipun prisma terpancung panjang 17,6 m, wiyar 15 m, lan inggil 10 m. Sisih lèr kilèn lan kidul wétan wonten bolonganipun minggah lan dipunparingi andha. Krapyak tegesipun pager, amargi rumiyin wujudipun wana ingkang dipunpageri amargi dipuningahi sato kéwan. Wiyaring pager wau saya mangaler saya ciyut. Letipun pager ingkang wétan lan kilèn watawis 2 pal, pojok lèr leres ing Panggung Krapyak. Punika ing jamanipun Sri Sultan HB I. Déné Wana Krapyak piyambak sampun wonten wiwit jaman Praja Mataram Islam Kotagedhe, yasanipun putra Panembahan Senapati, Radèn Mas Jolang utawi Sinuwun Hanyakrawati, dipunyasa taun 1533 sinengkalan Brama Murub Tataning Nalendra. Nganging Panggung Krapyak ingkang samangké punika yasan Sri Sultan HB I. Sato wana, mliginipun menjangan dipungiring saking kidul mangaler, mawi manéka tetabuhan, pramila pageripun saya ngaler saya ciyut, lan ing papan kasebat buron wana dipunbedhag. Sinuwun Hanyakrawati ugi séda ing Wana Krapyak nalika mbebedhag awit wonten banthèng ngamuk ingkang nyundhang Sinuwun Hanyakrawati ngantos séda. Pramila Sinuwun Hanyakrawati lajeng kawentar sinebat Sinuwun Séda Krapyak. Déné manawi ing Surakarta, wana krapyak pagrogolan kasebat samangké dados Markas Kopassus, mila rumiyin kawentaripun Kandhang Menjangan. Kandhang Menjangan ing Surakarta punika pageripun mawi pager alam wujud dhapuran deling ori. Sinaosa Tugu Ngayogyakarta dipunyasa kanthi undhagi tiyang Walandi, lan rinengga rerenggan Walandi kados ta tandha bintang lan crown, nanging prasastinipun ngginakaken aksara Jawi
Foto Prasasti Tugu Ngayogyakarta ing praen iring kilèn Prasasti iring kilèn ungelipun YASAN DALEM HINGKANG SINUWUN KANGJENG SULTAN HAMENGKUBUWANA KAPING VII. Punika tandha bilih tugu dipunyasa rikala jamanipun Sri Sultan HB VII.
Foto Prasasti Tugu Ngayogyakarta ing praen iring wétan Prasasti iring wétan ungelipun HINGKANG MANGAYUBAGYA KARSA DALEM KANGJENG TUWAN RESIDEN Y. MULLEMESTER. Nalika samanten Residen ing Ngayogyakarta namanipun Y Mullemester. Namung tandha ndhèrèk mangayubagya awit Walandi boten ngedalaken wragad kanggé pambangunaning tugu punika.
Foto Prasasti Tugu Ngayogyakarta ing praen iring kidul Prasasti iring kidul ungelipun WIWARA HARJA MANGGALA PRAJA, KAPING 7 SAPAR ALIP 1819. Sengkalan punika kathah dipuncedha jalaran ungelipun lan tegesipun ingkang kirang trep. Wiwara – lawang, harja – harja, manggala – nayaka praja, praja – nagari, dados tegesipun palawangan karaharjan tumrap nayakaning nagari. Sanginggiling sengkalan wonten gambar Crown Walandi Padi Kapas lan seratan HB VII. Lambang punika dipunagem ngantos jamanipun HB VIII, watawis taun 1928.
Foto Prasasti Tugu Ngayogyakarta ing praen sisih lèr Prasasti iring lèr ungelipun PAKARYANIPUN SINAMBADAN PATIH DALEM KANGJENG RADEN ADIPATI DANUREJA INGKANG KAPING V. KAUNDHAGEN DENING TUWAN YPF VAN BRUSSEL OPSIHTER WATERSTAAT. Punika bukti bilih ingkang ngragadi pambangunaning tugu punika Patih Dalem Danureja Kaping V, lan ingkang ngundhagi utawi arsitekipun tuwan YPF Van Brussel Opsihter Waterstaat, Kepala Dinas Perairan ing Ngayogyakarta. Wonten gagasan manawi Tugu Golong Gilig dipunyasa malih ing sisih kidul wétan tugu samangké. Nanging kathah ingkang nyaruwe kanthi pawadan manawi estu dipunyasa kanthi inggil 25 m, badhé damel bingungipun masarakat. Lajeng wonten ugi pamanggih damel tironipun. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih damel outdoor diorama bab tugu wiwit saking sajarah madegipun lan perkembangan wujudipun. Kangge nglestantunaken tegesing tugu golong gilig ingkang kebak filsafat lan piwucal luhur pramila kedah dipunlampahaken kanthi lumintu, berkesinambungan, supados saged rumesep dhateng sanubari ingkang tundhanipun saged mawujud salebeting lampah panggesangan ing saben dintenipun
Gambar sketsa lan grafis penataan kawasan tugu
Gambar grafis penataan kawasan tugu
Wonten malih wewanguna kina ing Ngayogyakarta ingkang ndudut kawigatosan, inggih punika wontenipun beteng kanthi pojok betengipun. Pojok beteng punika rumiyin mujudaken papan kanggé mapanaken mriyem, déné bastion ing pojokipun punika papan kanggé nginjen mengsah. Saben pojok beteng dipunjangkepi mriyem cacah 10, inggih punika ing jamanipun Sri Sultan HB II. Antawisipun pojok rumiyin dipunsambetaken jagang ingkang samangké sampun ical.
Pojok beteng lèr wétan dunungipun radi mlonjok ngaler kirang langkung 200 m, satemah denah beteng kraton Ngayogyakarta boten kothak pasagi utawi bujur sangkar. Bab punika jalaran Dalemipun Sri Sultan HB II utawi RM Sundoro nalika taksih minangka jejering rajaputra dumunung ing Sawojajar, lajeng dalem punika pun lebetaken wengkon beteng. Adeging beteng dipunmlonjokaken ngaler lan mangilen dumugi Plengkung Wijilan. Plengkung Wijilan ngilen sakedhik lajeng ngidul. Mangilenipun kasambet beteng ingtlatah Kauman dumugi pojok beteng ing Ngabean.
Pojok beteng iring lèr wétan risak amargi nalika Geger Spehi papan punika kathah nemnemanipun satemah dipungempur déning Inggris, ingkang mlebet wewengkon beteng saking Plengkung Madyasura. Kathah wiranem ingkang dados kurban lan jisimpun para wiranem ingkang palastra wau lajeng dipuntumpuk dhateng salebeting Plengkung Madyasura. Pramila ngantos jamanipun Sri Sultan HB VII, Plengkung Madyasura dipuntutup/tableg, lan kondhang minangka Plengkung Buntet. Plengkung punika nembé dipunbikak malih rikala jaman Si Sultan HB VIII.
Gegambaranipun kithapraja Ngayogyakarta nalika samanten dipunlanggengaken salebeting Sekar Mijil:
Ing Mataram betengira inggil,
Ngubengi kedhaton,
Plengkung lima mung papat mengane,
Jagang jero toyanipun wening,
Tur pinacak suji,
Gayam turut lurung.
(Narasumber: Ir. H. Yuwono Sri Suwito, MM (Ketua Dewan Kebudayaan DIY)Sinari lan kaserat déning Faizal Noor Singgih)
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |