Menyang kontèn

Tlaga Tanganyika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tlaga Tanganyika saka foto udara, Juni 1985

Tlaga Tanganyika iku tlaga sing wiyar ing Afrika tengah (3° 20' to 8° 48' LS lan 29° 5' to 31° 15' BT). Tlaga iki diprakirakaké wujud tlaga angka loro paling jero ing donya sawisé Tlaga Baikal ing Siberia.

Géografi

[besut | besut sumber]

Tlaga iki ana ing Western Rift ing tlatah Great Rift Valley lan dikupengi déning témbok pagunungan saka ngarai mau. Tlaga iki wujud tlaga ngarai gedhé dhéwé lan paling jero ing Afrika utawa angka 2 paling jero ing donya sarta nyimpen cadhangan banyu tawar paling gadhé. Dawané watara 673 km ing arah Lor-Kidul lan ambané rata-rata 50 km. Tlaga iki nglingkupi tlatah sing wiyaré 32,900 km², kanthi dawa garis tepi 1,828 km sarta kajeron rata-rata 570 m kanthi jeri maksimum 1,470 m (ing cekungan paling lor) nyimpen cadhangan banyu kanthi volume prakiran 18,900 km³. Suhu ing permukaané watara 25 °C lan duwé pH rata-rata 8,4.

Panggonané sing ana ing tlatah tropis lan kajeroané sing gedhé banget nyegah dumadiné 'turnover' saka massa banyu, saéngga banyu sing ana ing pérangan njero dadi apa sing ditepungi minangka 'banyu fosil' lan asifat anoksik (kurang oksigèn). Wilayah tangkepan tlaga 231,000 km², kanthi 2 kali utama sing mili nuju tlaga lan sapérangan kali-kali lan ilènan sing luwih cilik lan siji ilènan metu sing utama ya iku Kali Lukuga.

Sumber banyu utama asalé saka Kali Ruzizi, lumebu ing sisih lor liwat Tlaga Kivu, lan Kali Malagarasi, sing wujud kali gedhé dhéwé angka 2 ing Tanzania, lumebu liwat sisih wétan Tlaga Tanganyika.

Tlaga iki ana ing kawasan 4 nagara – Burundi, Republik Demokratis Kongo (DRC), Tanzania lan Zambia, kanthi pambagéyan tlatah kanggo DRC (45%) lan Tanzania (41%) sing wujud pérangan gedhé dhéwé saka tlatah tlaga iki.

Biologi

[besut | besut sumber]

Tlaga iki dienggoni watara 300 spésies iwak cichlid lan 150 spésies non-cichlid, sing sebagéyangedhé urip ing tlatah zona benthic (saceraking dhasar tlaga). Biomassa iwak gedhé dhéwé ana ing zona pelagic (banyu binuka) lan didhominasi déning enem spésies-loro spésies "Tanganyika sardine" lan papat spésies predator Lates (gegandhèngan nanging ora padha karo Perch Kali Nil sing wus musnahaké ciclids Tlaga Victoria).

Spesies liya sing ana ing tlaga mau upamané Tang cobra, lan ula banyu.

Indhustri

[besut | besut sumber]

Asil tangkepan iwak warigaluh ing tlaga iku wujud sumber protéin utama kanggo sing ndunungi lokal ing kéné. Kurang luwih ana 45 éwu wong sing terjun langsung minangka warigaluh saka watara 800 titik panangkepan iwak. Asil tangkepan iki banjur dièkspor dhateng saindhenging Afrika Wétan. Panangkepan iwak komersial modhèren diwiwiti saka pertengahan 1950-an lan ngundhakaké parolèhan tangkepan iwak kanthi drastis. Sakwéné taun 1995 total tangkepan iwak gunggungé kurang luwih 180,000 ton.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Tlaga iki sepisanan tinemu déning panglana saka Éropah ing taun 1858 (Richard Burton lan John Speke) nalika nglakoni panjlajahan kanggo nggolèki tuk banyu Kali Nil. Speke nerusaké panggolèkan iki lan nemu sumber asliné ya iku Tlaga Victoria.

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.