Tengku Firmansyah
| Tengku Firmansyah | |
|---|---|
| Lair | Novèmber 15, 1977 Bandung, Jawa Barat, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Presenter, Atlet |
| Taun aktif | 1990 - saiki |
| Bojo | Cindy Fatika Sari |
| Anak | Tengku Syaira Anataya Tengku Omar Athallah lan Tengku Keanu Zimraan (kembar siam) |
| Wong tuwa | Tengku Amir Hamzah lan Silvie |
Tengku Firmansyah lair ing Bandung, tanggal 15 September 1977. Dhweke misuwur minangka aktor, presenter, lan mantan atlet. Dhèwèké tau sekolah juru anggegana ing USA, dhèwèké uga tau dadi sutradara filem. Tengku Firmansyah duwé bakat lan kaprigelan kang akèh. Nalika isih nom, dhèwèké seneng ulah raga tenis, anggar, lan tae kwon do. Dhèwèké lulusan London Institute of Communication. Dhèwèké uga tau dadi juwara 1 anggar junior se DKI ing taun 1990, lan tau lolos nganti tekan semifinal Pekan Ulah raga Nasional (PON).[1]
Sadurungé dadi bintang sinétron kaya saiki, Tengku Firmansyah tau dadi penyiar radio. Setaun suwéné dhèwèké nglakoni profesi iku, sadurungé dhèwèké mèlu casting kanggo dadi presenter ing SCTV. Dhèwèké banjur dipitayani kanggo ngisi acara ‘Melodi Siang’. Mung 5 sasi thok. Dhèwèké banjur mèlu ing stasiun televisi Indosiar kanggo ngisi acara ‘Ekspresi’ bebarengan Cindy Fatika, kang saiki dadi garwane.[2]
Debute ing donya entertainment diwiwiti minangka dhèwèké dadi Jawara III Modhèl Plus 96. Banjur dhèwèké dikontrak dadi penyiar radio Hard Rock FM. Saka kana dhèwèké duwé kesempatan kabuka nganti tekan dhèwèké dadi presenter Melodi Siang (SCTV - 1997), Ekspresi (Indosiar 1997 - 1998), Pro Musik (TPI 1999), MTV Wow (AnTV 1999), Close Up Dawson Creek (TPI 1999), Sanex Quiz (Indosiar).
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ (ing basa Indonésia)selebriti.kapanlagi.com Tengku Firmansyah (kaundhuh tanggal 31 Agustus 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)info-artis.com Archived 2011-01-06 at the Wayback Machine. Tengku Firmansyah (kaundhuh tanggal 31 Agustus 2011)
| Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |