Tamara Bleszynski
| Tamara Bleszynski | |
|---|---|
| Lair | Tamara Natalia Christina Mayawati Bleszynski 25 Dhésèmber 1974 Bandung, Jawa Barat, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Model, Penyanyi |
| Bojo | Teuku Rafly (bercerai) Mike Lewis |
| Anak | Rassya Islamay Passya (dari Teuku Rafly) Kenzou Leon Blezynski Lewis (dari Mike Lewis) |
| Wong tuwa | Zbigniew Bleszynski dan Farida Gasik |
Tamara Natalia Christina Mayawati Bleszynski ingkang misuwur kanthi asma Tamara Bleszynski (lair ing Bandung, 25 Dhésèmber 1974; umur 51 taun) inggih punika aktris, penyanyi lan model saking Indonesia.[1]
Karier
[besut | besut sumber]Purwanipun karier
[besut | besut sumber]Tamara Bleszynski lair saking rama Zbigniew Bleszynski ingkang gadhah getih Polen lan ibu Farida Gasik berdarah Sunda. Sekolah SD wonten ing Indonesia, lajeng ing Australia. Tamara Bleszynski remen sanget kaliyan jagad akting, saéngga nalika taksih sekolah ing Australia sasampunipun SMP, Tamara Bleszynski mendhet ekstrakurikuler drama. Sasampunipun pikantuk gelar sarjana Bisnis Management ing St. Bridge College Australia, Tamara Bleszynski ndhèrèk pakempalan seni teater Lembaga. Tamara dipuntepangaken kaliyan modelling. Kanthi modal fisik ingkang saé sanget, Tamara Bleszynski laris manis ing jagad modelling. Ing jagad modelling Tamara Bleszynski pikantuk kasuksesan ingkang boten sakedhik, saéngga Tamara Bleszynski saged narik kawigatenipun salah satunggalipun merek sabun kelas internasional. Tamara Bleszynski lajeng dados bintang iklan sabun kasulistyan kelas internasional wau.
Jagad Sinetron & Film
[besut | besut sumber]wiwitanipun dados juru main sinétron inggih punika ing sinétron Anakku Terlahir Kembali (1996). salajengipun ing sinétron ramadhan Do’a Membawa Berkah (2000) ingkang dipunsutradarai déning Ahmad Yusuf, sinétron Wah Cantiknya!!!(2001), Sinetron Hikmah (2004). Ing jagad filem karier Tamara Bleszynski dipunwiwiti ing filem Issue (2004), lajeng Big Day (2006), lan Air Terjun Pengantin.[2]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Tamara Blezynski Melahirkan Bayi Laki-laki(dipunakses ing tanggal 18 Juni 2011)
- ↑ HOME » Tamara Bleszynski Nikah Lagi, Anaknya Tak Peduli Tamara Bleszynski Nikah Lagi, Anaknya Tak Peduli(dipunakses ing tanggal 18 Juni 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |