Menyang kontèn

Sys NS

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sys NS

Biodata
Lair18 Juli 1956 (umur 69)
AsalIndhonésia Semarang, Indonésia
PakaryanSutradara, Aktor, Pulitisi

Raden Mas Haryo Heroe Syswanto Ns. Soerio Soebagio (lair ing Semarang, Jawa Tengah, 18 Juli 1956; umur 69 taun) utawa kang luwih ditepungi kanthi jeneng Sys NS iku aktor lan sutradara Indonésia.[1] Saliyané iku, Sys NS uga dadi salah sijiné kang ngrintis Parté Dhémokrat.[1] Wiwit taun 2007 Sys metu saka Parté Dhémokrat lan nggawé Parté Nagara Kesatuan Républik Indonésia.[1]

Sanajan lair ing Semarang, nanging wong tuwané Sys manggon ing Jakarta.[1] Nanging ibuné Sys kang nalika iku lagi mbobot pitung sasi pancèn sengaja bali ing omahé éyang putriné kang ana ing Semarang kanggo nglairaké dhèwèké.[1] Iki pancèn dadi kabiyasan ibuné ya iku Siti Suciati, kang nglairaké ing Semarang kalebu Sys lan sadulur-seduluré.[1] Nalika Sys sekolah ing SMU, wong tuwané Sys kang pindhah ing kutha Semarang.[1] Nanging Sys tetep milih manggon ing Jakarta lan nerusaké sekolahé.[1]

Sawisé pisah karo wong tuwané, Sys kang isih sekolah uga nyambut gawé dadi disc jockey.[1] Nalika isih dadi mahasiswa kang kuliyah ing IKJ, Sys uga srawung karo para artis lan nyambut gawé dadi disc jockey.[1] Nanging Sys banjur milih ninggal bangku kuliyah lan kerja dadi disc jockey.[1] Sys tau éntuk bebungah dadi "The Best of Disc Jockey of Indonésia" nalika taun 1975.[1]

Sys palakrama karo Shanty Widhiyanti, SE, anak saka Drs. Syaiful Hamid.[1] Saka bebrayan iki Sys éntuk anak kang cacahé telu ya iku Syanindita Trasysty, Sabdayagra Ahessa lan Sadhenna Sayanda.[1]

Sys NS nggawé buku biografi kang judhulé "Pop Biografi & Kreatografi SYS NS Yesterday, Today & Tomorrow" nalika dina Minggu tanggal 15 Mèi 2005 ing Hard Rock Cafe, Jakarta.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 selebriti.kapanlagi.com(diundhuh tanggal 9 September 2011)
  2. wap.gatra.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 9 September 2011)