Menyang kontèn

Sungnyemun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koordhinat: 37°33′35″N 126°58′31″E / 37.55972°N 126.97528°E / 37.55972; 126.97528

Sungnyemun
Namdaemun
Barkas:Namdaemun at night.jpg
Hangul숭례문 / 남대문
Hanja /
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaSungnyemun/Namdaemun
McCune–ReischauerSungnyemun/Namdaemun

Namdaemun utawi Sungnyemun inggih punika satunggaling pintu gerbang mawi sajarah ingkang mapan wonten ing kutha Seoul, kutha krajan saking Koréa Kidul. Yasan punika ugi dipunsebat kaliyan nama Sungnyemuningkang ateges Gerbang Upacara Agung ingkang sinerat wonten ing papan gerbang.[1] Panyebatan Namdaemun kanthi wiyar dipun-ginakaken amargi papanipun ingkang wonten ing pérangan kidul saking gerbang-gerbang ingkang njagi Hanyang (nama Seoul kala punika). Namdaemun punika ateges "Gerbang Ageng Kidul". Nalika wanci dalu tanggal 10 Fèbruari 2008 payon saking gerbang kayu punika kobong lan nelasaken sadaya pérangan payon lan struktur kayunipun.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]
Namdaemun ing taun 1904

Sadèrèngipun kobongan ing taun 2008, Namdaemun punika yasan kayu tuwa dhéwé wonten ing Seoul.[3] Kanthi arsitèktur saking kayu lan watu mawi payon 2 tingkat, gerbang punika kapungskasan nalika taun 1398 lan dipun-ginakaken minangka lawang kanggé mlebet ing punjer kutha. Kajawi punika ugi kanggé nyambut dhayoh (tamu) nagara lan ugi kanggé njagi kutha saking macan Koréa ingkang sampun dangu cures saking Koréa. Konstruksi kawiwitan ing taun 1395 nalika taun kaping 4 mangsa pamaréntahan Raja Taejo lan kapungkasan ing taun 398. Strukturipun dipunyasa malih ing taun 1447 lan nglampahi rénovasi.[3] Wiwitanipun, Namdaemun punika salah satunggal saking 3 gerbang utama, ingkang sanèsipun punika Dongdaemun (Gerbang Wetab) lan Seodaemun (Gerbang Kulon) ingkang sampun dangu risak[4]

Ing wiwitan abad kaping 20, témbok kutha ingkang ngubengi kutha Seoul dipunrisak déning pamaréntah kolonial Jepang kanthi alesan "kanggé nglancaraken ilèn lalu lintas ing wewengkon mau". Rawuhipun putra makutha saking Kamaharajan Jepang miturut prakiraan ingkang dados alesan damel risaking gerbang punika. Nalika putra makutha mau ngliwati gerbang dipunsambut kanthi sarwa linangkung.[5] Namdaemun katutup kanggé umum ing taun 1907 bibar pamaréntahan kolonial Jepang yasa jalur tream listrik ing celakipun. Ing mangsa perang Koréa, Namdaemun risak sanget lan dipunrénovasi kanthi ageng ing taun 1961 mawi upacara pungkasan ing 14 Mèi 1963.[6] Namdaemun dipundamel dados Harta Nasional Koréa Kidul nomer 1"[7] nalika tanggal 20 Dhésèmber, 1962.

Gerbang punika dipunrénovasi malih nalika taun 2005 kantih nambahaken lemah lan suket ingkang sakiwa tengenipun supados katingal langkung éndah sadèrèngipun tanggal 3 Maret 2006 dipunbikak malih kanggé umum.[8] Nalika mangsa réstorasi, 182 kaca cithak biru saking desain gerbang dipundamel kanggé nyiapaken rékonstruksi énggal manawi kadadosan satunggaling masalah. b[9]

Gerbang punika mapan wonten ing wewengkon Jung-gu, Namdaemun St 4-Ga 29, antawisipun Stasiun Seoul lan Plaza Kutha Seoul. Ing celakipun punika pasar Namdaemun, satunggaling peken tradhisional 24 jam ingkang sampun kanggé pinten-pinten abad.

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Kwang-Tae Kim. "South Koréa arrests man in landmark fire". Associated Press. Yahoo! News. Diarsip saka asliné ing 2008-02-13. Dibukak ing 2013-03-23.
  2. "S. Korean landmark collapses in fire". Associated Press. CNN.
  3. a b "Fire ravages South Koréa landmark". BBC News.
  4. Seth, Michael J (2006). A Concise History of Koréa: From The Neolithic Period Through the Nineteenth Century. Rowman & Littlefield. kc. 204.
  5. Hong Seong-tae (2004). "From Mount Baekak to the Han River: A Road to Colonial Modernization". Ing LaMarre, Thomas; Kang, Nae-hŭi (èd.). Impacts of Modernities. Hong Kong University Press. kc. 126.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link)
  6. Rahn, Kim. "Poor Security Blamed for Gate Burnout". Koréa Times.
  7. Shin Hae-in. "Controversy erupts over fundraising for historic gate". Yonhap News.
  8. Lankov, Andrei. "Namdaemun Outlived War, Colonialism". Koréa Times.
  9. Chung Ah-young. "Three Years Needed for Restoration". Koréa Times.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]