Menyang kontèn

Sergey Brin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sergey Brin
Sergey Brin padha 2004 Web 2.0 Conference
Lair21 Agustus 1973 (umur 52)
Uni Sovyèt Moskou, Uni Sovyèt
PakaryanWakil Pendiri dan President of Technology of Google
GajihUSD $1 (2008)[1][2]
Bebathèn
resik
IncreaseUS$18.7 billion[1]
BojoAnne Wojcicki[3]
Sana jaringanstanford.edu/~sergey

Sergey Brin iku salah siji pagadeg Google. Dhèwèké gawé Google bareng karo Larry Page. Sergey Brin lair ing Moskow, 21 Agustus 1973.[4] Dhèwèké wis ngerti komputer saka SD, dibimbing wong tuwa kang biyasa makarya nganggo komputer kang canggih ing omah lan kantor.[5] Ibune Sergey Brin, Eugenia Brin iku ilmuwan ing Goddard Space Flight Center NASA.[4] Bapaké Sergey Brin Michael Brin mulang Matematika ing University of Maryland.[4] Ing umur 6 taun, Sergey Brin lan keluargané pindhah saka Uni Soviét mara Amérika.[4] Kulawarga Brin tinggal ing Prince George’s County, Sergey sekolah ing Eleanor Roosevelt High School.[6] Dhèwèké ndhaftar ing ‘’University of Maryland’’ ing kono dhèwèké sekolahé akselerasi lan ing umur 19 taun ing taun 1993 dhèwèké wis rampung pendhidhikan prasarjana.[6] Dhèwèké ngelanjutaké kuliah sarjana ing kono.[6] Sawisé lulus saka Maryland, Sergey ngelanjutaké ing Stanford University amarga dhèwèké olih béasiswa pascasarjana saka National Science Foundation njupuk Ilmu Komputer.[7] Ing taun 1995 Sergey ketemu Larry Page.[8] Ing Januari 1996 para mahasiswa lan staf pengajar jurusan komputer ing ‘’Stanford University’’ pindhah ing gedhong William Gates Computer Science sumbangan saka Microsoft.[9]

Urip pribadi

[besut | besut sumber]

Tanggal 7 November 2018, dhèwèké nikah karo Nicole Shanahan, pendiri teknologi hukum. Dhèwèké duwe anak wadon, lair ing pungkasan taun 2018.[10] Brin lan Shanahan pisah tanggal 15 Desember 2021, lan Brin ngajokake cerai tanggal 4 Januari 2022.[11] Miturut lapuran ing Wall Street Journal, panyebab pepisahan iku ana hubungane antara Shanahan lan Elon Musk, pratelan sing ditolak Musk lan Shanahan.[12][13]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Wawancara

[besut | besut sumber]

Artikel

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Google Executives Compensation". Diarsip saka sing asli ing 2010-03-05. Dibukak ing 2011-08-09.
  2. 2005 compensations from Google: $1 in salary, $1723 in bonus, $41,999 other annual compensation, $3 all other compensation. Source: SEC. Google form 14A. Filed March 31, 2006.
  3. Argetsinger, Amy (May 13, 2007). "The Reliable Source". Washington Post. Dibukak ing 2007-10-20. {{cite web}}: More than one of author-name-list parameters specified (pitulung)
  4. 1 2 3 4 Vise, D.A, Malseed, M. (2005)."Kisah Suksès Google".Pertalan: Kantjono, A.T.(2006). Jakarta:PT Gramédia Pustaka Utama. Hal 19
  5. Vise, D.A, Malseed, M. (2005). "Kisah Sukses Google". Pertalan: Kantjono, A.T.(2006). Jakarta:PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 15
  6. 1 2 3 Vise, D.A, Malseed, M. (2005). "Kisah Sukses Google". Pertalan: Kantjono, A.T. (2006). Jakarta:PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 20
  7. Vise, D.A, Malseed, M. (2005). "Kisah Sukses Google". Pertalan: Kantjono, A.T. (2006). Jakarta:PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 23
  8. Vise, D.A, Malseed, M. (2005). "Kisah Sukses Google". Pertalan: Kantjono, A.T. (2006). Jakarta:PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 13
  9. (Vise, D.A, Malseed, M. (2005)."Kisah Sukses Google".Pertalan: Kantjono, A.T.(2006)Jakarta:PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 28)
  10. Leskin, Paige (2019-10-03). "Google's Sergey Brin has been married to the founder of a legal tech startup since 2018". Business Insider. Diarsip saka sing asli ing 2019-12-23. Dibukak ing 2020-04-10.
  11. "Court filings reveal details of Google cofounder Sergey Brin's divorce from his wife, attorney Nicole Shanahan". 2022-06-17. Diarsip saka sing asli ing 2022-10-27. Dibukak ing 2022-06-17.
  12. Glazer, Emily; Grind, Kirsten (2022-07-24). "Elon Musk's Friendship With Sergey Brin Ruptured by Alleged Affair". Wall Street Journal. Dibukak ing 2022-07-24.
  13. "Elon Musk denies affair with Sergey Brin's wife, Nicole Shanahan". Usatoday.com. Dibukak ing 2022-08-01.