Menyang kontèn

Ruwahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salah satunggale makanan kang wonten ing Ruwahan

Ruwahan menika saking tembung Ruwah kang ateges wulan kaping pitu lan bareng kaliyan wulan Sya’ban. Tembung Ruwah piyambak menika saking tembung arwahutawi ruh nenek moyang. Tembung arwah menika miturut kabar dipundadosaken wulan kanggé mengeti para leluhur. Ruwahan limrahipun ditindakaké 10 dinten sadèrèngipun wulan Ramelan [1]. Ruwahan utawi sedekah inggih menika upacara utawi tradisi kangge nyambut wulan suci Ramelan. Ruwahan dipunwontenaken ing pertengahan wulan Sya’ban kang biase ingaran Nisfu Sya’ban. Ing wulan menika limrahipun masarakat nindakaken acara besik kubur lan ziarah wonten kuburan kulawarganipun piyambak. Wonten pertengahan wulan Sya’ban masarakat limrahipun nindakaken sedekah ruwah kanthi nyayogyakaken dhaharan, inggih punika gule Ayam utawi daging Sapi kanggé kulawarga utawi tangga tepalih. Tradisi punika minangka pakurmatan marang arwah para leluhur kang sampun séda.[2] Ritual Ruwahan piyambak boten dipuntepang ing ajaran Islam. Nanging Ruwahan identik kaliyan Islam amargi Ruwahan punika gadhah gegayutan nyambut wulan Ramelan. Tradisi Ruwahan inggih punika salah satunggale panilaran tradisi Hindhu. Hindhu punika agama kang ingkang kathah piyambak dianut masarakat Jawa sadèrèngipun Islam wonten. Dados Ruwahan punika asil saking akulturasi kabudayan agama lan dados kearifan lokal. Tradisi kang sampun lawas kang taksih dipuntindakaken nanging surasa saking tradisi sampun dipunewahi lan dipunlarasaken kaliyan kabudayan sapunika. Sanajan Ruwahan punika boten wonten ing ajaran Islam, nanging masarakat Jawi nganggep Ruwahan minangka adat Jawi. Kang utamanipun inggih punika donga kanggé para leluhur.[3] Ruwahan punika limrahipun dipunwiwiti nganggé kenduri, donga sesarengan, besik kubur, ditutup kaliyannyadran. Ing pertengahan Sya’ban limrahipun masarakat sedekah kanthi damel jajanan kusus, inggih punika kolak pisang, apem, lan ketan kanggé tangga teparo kados 40 griya. Dhaharan punika wonten tegesipun nanging saben tiyang gadhah teges ingkang bènten-bènten.

Arti Panganan Ruwahan

[besut | besut sumber]
  • Kolak

Kolak pinika dipercaya gadhah teges kholaqo inggih punika dadosake, kang ditafsirake dados Khaliq, Kholiq, Maha Pencipta. Artinipun inggih punika yèn wulan Sya’ban langkung-langkung émut kaliyan Sang Pencipta, amargi ing wulan punika Allah mandhapake kodrat-iradat-Nya setahun ngajeng. Salah satunggale inggih punika pratélan asma manungsa kang séda sasampunipun tanggal 15 Sya’ban ngantos 14 Sya’ban taun ngajeng. Pangangajabipun inggih punika takdir kang apik ing taun ngajeng.

  • Apem

Apem punika saking tembung apuan utawi ampunan, ngapura. Tegesipun manungsa supados mangertos wulan Sya’ban lan langkung-langkung nyuwun ngapura dateng Allah kanthi maos istigfar

  • Ketan

Ketan saking khoto’an kang gadhah arti suci, putih, lan resik. Saking tiga punika saged dipunmangertosi bilih manungsa kedah ngertos maring Allah, nyuwun pangapura, saèngga manungsa gadhah jiwa kang suci, putih lan, resik saking dosa amargi badhé nyambut wulan Ramelan

Urutanipun Tradisi Ruwahan

[besut | besut sumber]

Ruwahan punika gadhah urut-urutan acara kang mèmper kaliyan kendhuri arwah utawi tahlilan. Inggih punika dipunwiwiti kanthi waosan surat Yasin kanthi sesarengan, salajengipun maosa kalimah thayyabah utawi tahlil. Lan dipunpungkasi kanthi donga kanggé leluhur. Sakderenge, tokoh masarakat punika medharsabda critanipun para leluhur dhusun, para wali lan aulia, sarta para malaékat. Sadèrèngipun donga, wonten sholawat kanggé Muhammad Saw, tumpeng (ambeng) kaliyan uba-rampe. Dipunaturaken marang para undangan, dikiasaken dados berkat (berkah) kanggé di dhahar kulawarga piyambak. Saking urutan punika saged dipunpundut teges utawi dados bukti birrul walidain (tangat maring wong tuwa) kang dados amal jariyah, lan dados ukhuwah antarwarga. Ancas ingkang pungkasan punika kang bèntenaken Ruwahan kaliyan kendhuri utawi tahlilan biyasa. Tradisi ruwahan mbuktiake aji-aji kabajikan kang dipunbekta ajaran agama-agama kang boten nilaraken kabudayan Jawi.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. http://wonojoyo.com(dipuntingali tanggal 1 Agustus 2011)
  2. www.visitbangkabelitung.com Archived 2011-09-16 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 1 Agustus 2011)
  3. www.anneahira.com Archived 2011-08-16 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 1 Agustus 2011)
  4. langsungenak.com(dipuntingali tanggal 1 Agustus 2011)