Menyang kontèn

Rizky Alatas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Rizky Alatas
LairMuhammad Rizky Alatas
27 Juli 1991 (umur 34)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaRizky Treeji
PakaryanArtis, Penyanyi
Taun aktif2009 - saiki
BojoAngelica Faustina

Muhammad Rizky Alatas utawa kang biyasa diundang kanthi jeneng Rizky Treeji (lair ing Jakarta, 27 Juli 1991; umur 34 taun).[1] Rizky Alatas iku salah sijiné aktor kang asalé saka Indonesia.[2] Saliyané main sinétron Rizky Alatas uga dadi penyanyi Indonesia. Rizky Alatas sangsaya misuwur jenengé nalika dhèwèké main ing acara Supermama Selebconcert kang disiyaraké ing salah sijiné stasiun TV swasta ya iku ing Indosiar.[2] Acara iki disiyaraké nalika taun 2009.[2] Rizky Alatas uga dadi salah sijiné grup vokal kang jenengé Treeji.[2] Ing grup vokal iki Rizky Alatas nyanyi bareng karo Tarra Budiman lan Joseph Hakim).[2]

Sanajan kerep akting ing tivi, nanging jeneng Rizky Alatas kurang dikenal yèn dibandingaké karo aktor lan bintang sinetron liyané kaya ta Rezky Aditya pemeran Rezky Aditya ing Sinetron Putri yang di tukar utawa juru main sinétron Arti Sahabat liyané kaya ta Stefan William lan liya-liyané.[2] Ing sinétron kang judhule arti sahabat, Rizky Alatas main dadi tokoh kang jenengé Mike.[2] Saliyané main ing sinétron Arti Sahabat lan dadi anggota grup vokal Treeji bareng karo Tarra Budiman lan Joseph Hakim.[2] Rizky Alatas uga tau main ing sinétron kang judhulé Inayah.[1] Ing sinetron iki Rizky Alatas dadi tokoh Malik.[2]

Diskografi

[besut | besut sumber]

Lagu kang dinyanyekake Rizky Alatas.

Grup Vocal

[besut | besut sumber]

Grup Vokal kang digawé Rizky Alatas.

FTV kang dibintangi Rizky Alatas.

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang dibintangi Rizky Alatas.

Prestasi

[besut | besut sumber]

Prestasi kang ditampa Rizky Alatas.

  • Aktor Pendatang Baru Favorit (2010)
  • Juara III Aktor Terfavorit Gaulteenment Award (2011) sawisé Stefan William

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 siar.in[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 glatica.com Archived 2011-10-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Agustus 2011)