Richa Novisha
| Richa Novisha | |
|---|---|
![]() | |
| Lair | 6 Novèmber 1985 Bogor, Jawa Barat, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis |
| Bojo | Gary Iskak |
| Anak | Muhammad Adilla Rafisya Iskak |
Richa Novisha (lair ing Bogor, 6 Novèmber 1985; umur 40 taun)[1], iku salah sijiné bintang akting sinétron lan filem layar amba.[1] Richa Novisha miwiti karir dadi sémifinalis Gadis Sampul 2002.[1]
Richa Novisha tau akting dadi tokoh Rita ing filem "Jomblo" kang dibintangi bareng karo Agus Ringgo, Christian Sugiono, Dennis Adhiswara, Rizky Hanggono, Rianti Cartwright lan kanca-kancané.[1] Saliyané iku Icha uga dadi bintang ing sinétron liyané kaya ta "Putri Kembar", "Taqwa", "Pintu Hidayah", "Asmara Asem Manis" lan uga sérial TV "Jomblo".[1]
Richa Novisha iku mahasiswi Universitas Paramadina jurusan Manajemen.[1] Richa Novisha uga main ing filem "Namaku Dick", salah sijiné filem komèdi romantis kang dibintangi karo Tora Sudiro nalika taun 2008.[1] Ing taun 2008, Richa uga akting ing filem "Pencarian Terakhir".[1]
Richa Novisha palakrama karo aktor Gary Iskak.[1] Nanging nalika palakrama, Gary Iskak durung nuduhaké Surat Dudhané, saéngga pernikahan Richa Novisha lan Gary Iskak ora bisa kacathet ing ukum.[1] Gary Iskak mung palakrama karo Richa Novisha kanthi Siri.[1] Sawisé ana foto Gary Iskak karo Poppy Gisela banjur ana uga foto kang sumebar anatarané Richa Novisha lan wong lanang liya saliyané Gary Iskak.[1] Miturut guru spiritual Icha kang jenengé Umi Nung, foto iki mung kanggo nggawé supaya Richa Novisha katon salah.[1] Richa Novisha nglairaké bayi lanang kanthi oprasi sesar lan boboté 3,280 gram lan dawané 48 cm.[1] Bayi iku lair ing rumah sakit Azhra Bogor, Jawa Barat.[1] Nalika Richa Novisha mbobot Gary Iskak tau ora ngakoni yèn iku anaké.[2]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
