Menyang kontèn

Rizky Hanggono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Rizky Hanggono

Miyos 16 Sèptèmber 1980 (umur 45)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
Sisihan Roro Maheswari Yakti

Rizky Hanggono lair ing Jakarta, 16 Sèptèmber 1980; umur 45 taun.[1] Ing donyaning hiburan Indonesia, Rizky Hanggono dikenal dadi aktor filem.[1] Rizky miwiti aktingé ing filem kanthi dadi tokoh Lando ing filem Ungu Violet nalika taun 2005.[1] Sadurungé akting, Rizky Hanggono dadi wong kang nduwéni tugas ing mbri layar ing filem-filem TV.[1] Rizky Hanggono iku anak pambarep saka sadulur kang cacahé loro.[1] Rizky iku anak saka pasangan Sutjipto (Kebumen) lan Amalia (Malang).[1] Nalika cilik, Rizky Hanggono urip ing kutha Bandung.[1] Sawisé wong tuwané cerai nalika umuré lagi limang taun, Rizky lan adhike manggon ing kutha Jakarta bareng karo ibu lan mbah putriné.[1] Sawisé lulus saka SMA 28 Pasar Minggu, Rizky nutugaké kuliyah ing D3 jurusan Advertising Fakultas Komunikasi Universitas Indonesia.[1] Rizky Hanggono iku tunggal angkatan karo Tere.[1] Rizky iku seneng marang musik rock klasik.[1] Sawisé kuliyah, Rizky banjur kerja ing tata artistik ing salah sijiné perusahaan filem.[1] Ing kéné iki, Rizky wiwit akting.[1] Wiwitane Rizky kerja dadi staf artistik filem Tusuk Jelangkung lan Buruan Cium Gue ing taun 2001.[1] Saliyané iku, Rizky uga kerja dadi storyboard ing filem Bangsal 13.[1] Nalika taun 2005, Rako Prijanto sutradara Ungu Violet banjur ngajak Rizky akting.[1] Rizky banjur akting karo aktris Dian Sastrowardoyo.[2] Saka filem Ungu Violet iki, jeneng Rizky banjur misuwur.[2] Sawisé main dadi tokoh Lando, Rizky banjur main ing filem Dealova (2005) lan Jomblo (2006).[1] Akting Rizky dadi tokoh Olip ing filem Jomblo langsung nggawé jenengé misuwur.[1]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Rizky Hanggono nikah karo Roro Waheswariawati nalika tanggal 9 September 2007.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)
  2. 1 2 movietei.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)